Bruwang
| Bruwang | |
|---|---|
| Bruwang coklat Kodiak | |
| Klasifikasi èlmiah | |
| krajan: | Animalia |
| filum: | Chordata |
| kelas: | Mammalia |
| ordo: | Carnivora |
| kulawarga: | Ursidae G. Fischer de Waldheim, 1817 |
| Genera | |
|
Ailuropoda |
|
Bruwang kalebu kéwan karnivora ya iku kéwan kang mangan daging, ananging ana uga bruwang kang mangan madu.[1] Bruwang nduwé buntut cilik.[1] Bruwang bisa ngambung lan ngrungokaké kanthi temen saéngga ngerténi ing endi ana mangsa. [1]Kukuné cacahé lima saben tlapak tangan.[1] Bruwang wuluné dawa, ketel lan kasar. Bruwang nduwé cakar lan moncong dawa lan kuping bunder.[1] Untuné bisa kanggo nyuwèk daging kang dadi panganané.[1] Kukuné kanggo nyuwèk, ngeruk, lan nyekel mangsané.[1] Bruwang nduwé kurang luwih 32 nganti 42 untu.[1] Untu taring bruwang ukurané cilik.[1] Untu geraham bruwang ukurané amba, datar lan digunakaké kanggo ngetok lan nggiling daging dadi luwih cilik lan gampang dipangan.[1]
Bruwang nduwé cakar kang cacahé papat.[1] Saben cakar ana lima kuku kang landhep lan dawa.[1] Kuku iki kanggo ménèk wit lan nyuwèk susuh tawon, susuh rayap, lan kanggo ngeruk oyot, uga nyekel mangsané. Bruwang bisa mlayu kanthi kacepetan 50 km/jam utawa 30 mph.[1]
[sunting] Bruwang Kutub
Habitat bruwang kutub kang urip ing bawana arktik utawa kutub utawa saya suwé saya cures.[2] Panyebabé yaiku iklim kang molah-malih saéngga ès ing kutub cuwèr.[2] Bruwang kutub kang wuluné putih iki uga akéh kang dibedhag manungsa lan dijupuk wuluné.[2] Saliyané iku habitat kang kanggo urip uga wis tercemar amarga akéhé indhustri kapal lan kilang lenga.[2] Limang negara kang dadi tapel wates kutub lor yaiku Amerika Serikat (AS), Kanada, Rusia, Norwegia lan Denmark ndéklarasékaké supaya habitat bruwang kutub kudu dijaga supaya ora punah.[2] Déklarasi iki dadi déklarasi kang sepisanan sawisé 28 taun kanggo ngowahi Perjanjian Bruwang Kutub.[2] Déklarasi dianakaké ing Tromsoe, Norwegia isiné yèn owahé iklim nduwéni dampak kang élék tumprap populasi bruwang kutup lan habitaté.[2]
[sunting] Cathetan suku
Artikel punika taksih tulisan rintisan (stub). Sinten kémawon ingkang kersa mbenakaken, sumangga kémawon.