Kabupatèn Brebes
|
|
|
![]() Koordinat : - |
|
|
|
|
| Provinsi | Jawa Tengah |
| Ibukutha | Brebes |
| Jembar | 1.657,73 km² |
| Pedunung | |
| · Cacahé | 1.732.719 jiwa |
| · Kapadhetan | 1.066 jiwa/km² jiwa/km² |
| Pamérangan administratif | |
| · Kecamatan | 17 |
| · Désa/kelurahan | 297 |
| Dhasar hukum | UU No. 13/1950 |
| Tanggal | - |
| Dina dadi | {{{hari jadi}}} |
| Bupati | H. Agung Widiantoro, SH, M.Si (wiwit Agustus 2010 Plt. Bupati) |
| Kodhe area telepon | 0283 |
| APBD | {{{apbd}}} |
| DAU | Rp. 402.905.000.000 |
| Suku bangsa | {{{suku bangsa}}} |
| Basa | {{{bahasa}}} |
| Agama | {{{agama}}} |
| Flora resmi | {{{flora}}} |
| Fauna resmi | {{{fauna}}} |
| Zona wektu | {{{zona waktu}}} |
| Bandhar udhara | {{{bandar udhara}}} |
|
Situs web resmi: www.brebeskab.go.id |
|
Kabupatèn Brebes punika salah satunggaling kabupatèn ingkang wonten ing tlatah Jawa Tengah, Indonésia. Kabupatèn punika dumunung ing dhaérah pantura lan wewatesan langsung kaliyan propinsi Jawa Kulon, caket kaliyan kutha Cirebon.[1] Jembar wilayah kabupatèn punika ngantos ± 166.117 hèktar utawi 1.657,73 km², cacah pedunungipun ± 1,5 yuta jiwa, lan tingkat kepadhetan pedunungipun ngantos ± 953,20 jiwa/km².[1]
Ibukutha kabupatènipun inggih punika Brebes, kecamatan-kecamatan sanesipun antawisipun Losari, Tanjung, Ketanggungan, Larangan, Bumiayu, Salem, lan saliyanipun.[1]
Masarakat Kabupatèn Brebes utaminipun ngangge dhialèk Tegalan kaliyan basa Sundha.[1]
Bab lan Paragraf |
[sunting] Sajarah
Wonten ing kisah asal-usulipun, nama Brebes punika dipendhet saking tembung mbrembes[1] Tlatah Brebes ingkang kathah toya lan sering ngendeng toya, sarta tasih rawa-rawa.[1] Andadosaken toya kathah ingkang merembes.[1] Mula lair tembung mrembes, kang ngalami pangowahan (verbastering) dados Brebes.[1]
Uga wonten kisah sanes ingkang nyariosaken Babad Brebes ingkang dipunpendhet saking cariyos mlebetipun agami Islam wonten ing tlatah Brebes (dhialèk lokal: Berbes) meski dialang-alangi, ing pamulaan wontenipun Brebes, mula kuwi wonten tembung Berbes ingkang katerusan dados Brebes.[1] Seminar panyusunan sajarah Brebes ("Seminar Perumusan Nama Brebes") dilaksanakakén wonten ing Gedung DPRD Kabupaten Brebes tanggal 1 November 1984.[2]
[sunting] Pemerentahan
Pemerentahan wonten ing kabupaten Brebes dilaksanakaken dening Pemerintah Daerah kaliyan Dewan Perwakilan Rakyat Daerah (DPRD) miturut asas desentralisali, yaiku seserahan wewenang saking pemerentah pusat kanggo Daerah Otonom ing UU No. 22 Tahun 1999.[3]
[sunting] Lambang dhaérah
Bentuk kaliyan motif lambang Kabupatèn Brebes wonten maknanipun.[4] Godhong lambang daerah ingkang mbentuk dasar segi gangsal ngelambangkén dasar negara falsafah negara yaiku Pancasila, werna biru nunjukaké wontenipun tlatah Brebes menika wonten ing daerah pesisir lan pegunungan.[4] Puncak segi gangsal nujukaken puncak gunung , ananging lengkung-lengkungipun nunjukaken gelombang segara.[4] Lintang kang anduweni gangsal sudut warna kuning emas ngelambangaken menawi masarakat Brebes menika makhluk ingkang berKetuhananan Kang Maha Kuwaos.[4] Bundhering tigan kaliyan gambar brambang ngelambangaké tigan asin sarta brambang kasil spesifik daerah.[4] Oyot gangsal ingkang warnanipun cemeng, pucuking brambang kang murub boten mati jumlahé gangsal ngelambangaké kauripan ingkang démokrasi, (legislatif, eksekutif, yudikatif) ingkang kalaksanan kanthi dinamis mbentuk Démokrasi Pancasila.[4] Pitulas gabah, wolung kapas, patangpuluh mata rantai ngelambangken titimangsa Proklamasi Kamardikan bangsa Indonésia 17 Agustus 1945.
Pita putih ingkang garisipun cemeng, ngabungaké gabah kaliyan kapas.[4] Wonten ing tengahipun kaserat sesanti dhaerah Brebes inggih menika "Mangesthi Wicara Ebahing Praja"[4]. Tegesipun sedayanipun sesanti inggih menika rakyat kaliyan Pamerentah Dhaerah Kabupaten Brebes anggadhahi tekad (Mangesthi) mbangun daerah kanggo mujudaken kesejahteraan bareng-bareng (Wicara), mbangun (Ebahing) negara (Praja) kaliyan bangsa.[4] Uga wonten tegesipun surya sengkala Mangesthi Wicara Ebahing Praja, inggih menika Mangesthi anggadhahi watak 8, Wicara anduweni watak 7, Ebah(ing) anduweni watak 6, lan Praja anduweni watak 1.[4] Sakabehé Mangesti Wicara Ebahing Praja anduweni makna taun Surya utawi Masehi 1678, taun menika pamerentahan Brebes miyos, ingkang titi mangsané 18 Januari 1678 dipuntandhani kaliyan dilantiké bupati Brebes ingkang kapisan yaiku Raden Arya Suralaya.[4]
Makna werna-werna sing kagawé[4] inggih menika pethak anggadhahi teges kejujuran, kesucian, kuning emas tegesipun kesatuan, keagungan, kemuliaan, kebijaksanaan, abrit tegesipun keberanian, ijem tegesé kemakmuran, kerukunan, cemeng tegesipun keteguhan, keabdian, kaliyan warna biru tegesipun kedamaian, kesetiaan.[4]
[sunting] Wilayah Brebes
Ing wilayah Kabupaten Brebes, ana 17 kecamatan lan 1.112 dusun:[5]
| No. | Jeneng Kecamatan | Ibu Kota Kecamatan | Cacahing Desa |
|---|---|---|---|
| 01. | Kecamatan Banjarharja | Banjarharjo | 25 |
| 02. | Kecamatan Bantarkawung | Bantarkawung | 18 |
| 03. | Kecamatan Brebes | Brebes | 23 |
| 04. | Kecamatan Bulakamba | Bulakamba | 19 |
| 05. | Kecamatan Bumiayu | Bumiayu | 15 |
| 06. | Kecamatan Jatibarang | Jatibarang | 22 |
| 07. | Kecamatan Kersana | Kersana | 13 |
| 08. | Kecamatan Ketanggungan | Ketanggungan | 21 |
| 09. | Kecamatan Larangan | Larangan | 11 |
| 10. | Kecamatan Losari | Losari | 22 |
| 11. | Kecamatan Paguyangan | Paguyangan | 12 |
| 12. | Kecamatan Salem | Salem | 21 |
| 13. | Kecamatan Sirampog | Buniwah | 13 |
| 14. | Kecamatan Songgom | Jatirokeh | 10 |
| 15. | Kecamatan Tanjung | Tanjung | 18 |
| 16. | Kecamatan Tonjong | Purwodadi | 14 |
| 17. | Kecamatan Wanasari | Klampok | 20 |
[sunting] Bupati Brebes
Asma-asmanipun Bupati Brebes saking taun 1678-2012, inggih punika:[6]
[sunting] Panganan lan plesiran
[sunting] Panganan khas
[sunting] Plesir
- Wadhuk Malahayu
- Wadhuk Penjalin
- Umbul Banyu Kali Pemali
- Panté Randusanga
- Padusan Banyu Panas Cipanas Bantarkawung
- Padusan Banyu Panas Cipanas Kedungoleng
- Cagar Alam Tlaga Ranjeng
[sunting] Delengen uga
[sunting] Réferènsi
- ↑ a b c d e f g h i (id)Asal-muasal Kota Brebes dipununduh tanggal 07 April 2011
- ↑ (id)Naskah Putusan Seminar Tanggal 01 November 1984dipununduh tanggal 07 2011
- ↑ (id)Kabupaten Brebes
- ↑ a b c d e f g h i j k l m (id)Tegesipun Lambang Daerah Kabupatèn Brebesdipununduh tanggal 07 April 2011
- ↑ (id) Wilayah Kecamatan Brebesdipununduh tanggal 07 April 2011
- ↑ (id)Bupati-bupati Brebesdipununduh tanggal 07 April 2011
[sunting] Pranala jaba
|
|||||||
|
||||||||||||||||||

