Boto
| Boto | |
|---|---|
| Size compared to an average human | |
| Status konsèrvasi | |
| Klasifikasi èlmiah | |
| krajan: | Animalia |
| filum: | Chordata |
| kelas: | Mammalia |
| Subkelas: | Eutheria |
| ordo: | Cetacea |
| Suborder: | Odontoceti |
| Superkulawarga: | Platanistoidea |
| kulawarga: | Iniidae Gray, 1846 |
| Genus: | Inia |
| Species: | I. geoffrensis |
| Jeneng binomial | |
| Inia geoffrensis Blainville, 1817 |
|
| Amazon river dolphin range | |
Lumba-lumba Boto (Inia Geoffrensis) mujudakè sedulurè tucuxi kang luwih gedhé manèh. [2][3] Dawané mèh 2,5 m, lan boboté luwih saka 136 kg sarta ora kaya kerabat sosial liyané. [2] Kepriyé waé, boto mujudaké makhluk mencil kang seneng ndhéwé. [2] Nglangèni Amazon dhéwékan merga panganané iwak-iwak bréngosen kayadéné lélé, pithing, lan kura kanthi migunakaké untuné kang landhep. [2]
Béda liyané antarané tucuxi lan boto yaiku, boto arang malumpat saka banyu. [2] Luwih spèsifik manèh, guluné boto saka jenis vertebrata ora sambung, tegesé boto bisa ngobahaké ndhasé saka arah siji menyang arah liyané. [2] Kaluwihan iki lelawanan karo lumba-lumba laut, kang guluné dadi siji. [2] Boto uga bisa ndhangir lingkungan kang jembar lan cepet mung kanthi migunakaké gerakan guluné kang bébas. [2]
Cathetan Suku [sunting]
- ^ Reeves, R.R., Jefferson, T.A., Karczmarski, L., Laidre, K., O’Corry-Crowe, G., Rojas-Bracho, L., Secchi, E.R., Slooten, E., Smith, B.D., Wang, J.Y. & Zhou, K. (2008). Inia geoffrensis. Dhaptar Abang Spesies Terancam IUCN 2008. IUCN 2008. Diakses ing 06 March 2009. Database entry includes a lengthy justification of why this species is data-deficient.
- ^ a b c d e f g h (id)[Majalah Panjebar Semangat. 12 April 2003. Edisi 15. Hal 47]
- ^ (id)(kajupuk tangaal 12 Maret 2011)