Borgol
Borgol iku piranti penahan sing dirancang kanggo nyawijèkaké kaloro ugel-ugel tangan. Dumadi saka ronggelang sing digandhèng nganggo ranté cendhak, saben gelang bisa dibuka lan ditutup nganggo kunci. Pamborgolan biasané dilakoni kanggo nyegah supaya wong ora mlayu saka tahanan. Ana uga borgol sikil, borgol tangan sing nduwèni borgol jempol, lan sapanunggalané. Borgol bisa digawé saka waja tahan karat, waja karbon, aluminium, utawa polimèr.
PlastiCuffs [sunting]
PlastiCuffs utawa FlexiCuffs iku borgol saka bahan plastik sing ènthèng, bisa digawa jroning gunggung sing akèh déning pulisi anti huru-hara, umpamané kanggo nangani protès lan karusuhan. Saliyané iku sawetara maskapai pamaburan uga saiki nggawa borgol plastik kanggo nahan penumpang sing gawé onar utawa tersangka térorisme. Borgol plastik mung bisa dicopot kanthi cara dikethok nganggo barang landhep.