Boomerang (Grup Musik)
| Boomerang (Grup Musik) | ||
|---|---|---|
| Latar mburi | ||
| Lair | ||
| Jinis Musik | Hard Rock | |
| Taun aktif | 1991 - sekarang | |
| Parusahan rekaman | Logiss Records (1997-2003) Sony BMG Music Entertainment Indonesia (2004-2007)
|
|
| Anggota | ||
| Roy Jeconiah Hubert Henry Limahelu Farid Martin Andry Franzzy |
||
| Mantan Anggota | ||
| John Paul Ivan |
||
BOOMERANG band yaiku grup asal kutha surabaya. BOOMERANG diresmiké lair ing tanggal 8 Mei taun 1994, bebarengan karo dirilisé album perdanané yaiku single hit “ Kasih “ dening Log Zhelebour.[1] kelompok musik iki nduweni ciri lan aliran musik rock, kang duweni personil kang wis owah yaiku Roy Jeconiah - vokal, Hubert Henry Limahelu - bass, Farid Martin - drum, Andry Franzzy - gitar
Bab lan Paragraf |
[sunting] sajarah
kelompok musik rock papan atas saka Surabaya iki awalé dudu boomerang ananging Lost Angels.[2] kang anggotané Hubert Henry Limahelu(bass), John Paul Ivan (gitar), Roy Jeconiah Isoka Wurangian (vokal) lan ana drummer ngedekaké band kang diwenehi nama 'Lost Angels', saka kota Los Angeles lan sekaligus berarti `Malaikat Tersesat`.[2]
ing taun 1994 dheweké direkrut dening perusahaan rekaman Logiss Record, lan ning sasi Maret - April taun 1994 kerjasama kaliyan Log Zhelebour ning sudio Nirwana Record, Surabaya, dheweké kerja nganthi 18 jam ning nggal dinané kanggo ngrekam albumé kang pisanan, ing tanggal 8 Mei taun 1994 kanca-kanca lost anggles sarujuk ngganti nama Lost Angels dadi Boomerang kang dadi judul album perdanané kang dirilis tanggal 1 Juli taun 1994 karo single hit `Kasih`.[2]
ing pembuatan klip `Kasih` ana ing album kaping pisanan, boomerang mung tampil wong telu, kanggo ngisi kekosongan posisi drummer wektu arep tour lan konser, banjur ngrekrut Farid Martin, banjur tanggal 1 Januari 1995 Farid Martin resmi dadi anggota Boomerang, ing pertengahan 2005, JPI milih metu saka Booomerang lan mbentuk band supergrup Trio JPI karo bassis Bondan Prakoso saka Funky Kopral lan Cliff dadi drummer.[2]
kanggo ngganti JPI boomerang sempat ngrekrut gitaris yaiku Oi saka Power Metal lan Tommy gitaris asal Riau, kerana ora puas Boomerang ngrekrut salah sijiné gitaris handal Indonésia Andry Franzzy kang mantan gitaris Powerslaves ing awal tahun 2006.[2]
[sunting] Prestasi
Pengalaman kang wis dikumpulké yaiku masuk ing 10 besar Paling Apik ning Festival Rock Sa-Indonésia ke 7 versi Log Zhelebour ing taun 1993 lan berhak olig kasempatan kanggo rekaman single pisanan "No More" ing album 10 finalis Festival Rock kaping 7 Log Zhelebour.[2]
[sunting] Diskografi[1]
- Boomerang (1994)
- KO (1995)
- Disharmoni (1996)
- Hits Maker (1997)
- Segitiga (1998)
- Hard 'n Heavy (1999)
- Best Ballads (1999)
- Xtravaganza (2000)
- The Greatest Hits of Boomerang (2003)
- Terapi Visi (2003)
- Urbanoustic (2005)
- Suara Jalanan (2009)
[sunting] Cathetan Suku
- ↑ a b (id)Biografi boomerang band dipununduh tanggal 18 Juni 2011
- ↑ a b c d e f (id)profil boomerang banddipununduh tanggal 18 Juni 2011