BlankOn
BlankOn Linux iku distribusi Linux adhedhasar Ubuntu sing dikembangaké déning Yayasan Penggerak Linux Indonesia (YPLI) lan Komunitas Ubuntu Indonesia (Ubuntu-id.org). Distribusi Linux iki digawé kanthi pangajab supaya bisa selaras tumrap kabutuhané panganggo komputer umum ing Indonesia.
Bab lan Paragraf |
Pangajab [sunting]
Pangajab distro Linux BlankOn iki digawé supaya cocok tumrap panganggo komputer ing Indonesia. Mula saka kuwi, BlankOn digawé kanthi migatékaké piranti-piranti sing bisa digunakaké ing ndonya pandhidhikan, penggaweyan kantor, lan pamaréntahan. BlankOn 2.0 wis bisa muter berkas multimedia, upamané MP3, VCD, lan DVD, sarta nduwé praupan grafis khas Indonesia.
Filosofi [sunting]
Jeneng BlankOn dijupuk saka jeneng iket sirah ing pulo Jawa, Madura, lan Bali, yaiku blangkon.
Sawetara iku, BlankOn uga bisa dimangertèni seka tembung basa Inggris: blank (kosong, utawa wilangan biner kanggo angka 0) lan on (wilangan biner angka 1). Mula saka kuwi, BlankOn bisa dimaknani dadi topi digital (modèren) kanthi sawangan klasik (kuna).
Arti liyané yaiku owah-owahan seka blank (kosong) nuju on (urip utawa ana isiné).
Rilis [sunting]
BlankOn 1.0 [sunting]
Kode Jeneng: Bianglala
BlankOn 2.0 [sunting]
Kode Jeneng : Konde - dirilis 15 November 2007
BlankOn 3.0 [sunting]
Kode Jeneng: Lontara - dirilis 27 April 2008
BlankOn 4.0 [sunting]
Kode Jeneng: Meuligoe - dirilis 13 November 2008
BlankOn 5.0 [sunting]
Kode Jeneng: Nanggar - dirilis 1 Juni 2009
BlankOn 6.0 [sunting]
Kode Jeneng: Ombilin