BlackBerry

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, golèk
Blackberry
BlackBerry Torch.jpg
BlackBerry Torch
Jaringan GSM850/900/1800/1900
GPRS/EDGE/UMTS
CDMA/1xEV-DO
iDEN
Ukuran 50 mm × 106.7 mm × 14.5 mm[1]
Bobot 87.9 g to 155 g dependent upon model
Mémori 64 MB to 1 GB dependent upon model
Layar 480 × 360 pixels
(Curve 8900/Tour 9630/Bold 9700)
360 × 480 pixels (Storm)
480 × 320 pixels (Bold)
320 × 240 pixels (8300/8700/8800/8500 Series)
240 × 260 pixels
(7100/8100 Series)
240 × 320 pixels (8200 Series)
65.000 werna
Nada dhering & notifikasi Poliphonik, MP3, MIDI
Konèktivitas microSD, USB, Bluetooth, WiFi, GPS

BlackBerry ya iku piranti seluler kang nduwèni kamampuan ladènan push e-mail, telepon, sms, njlajah internèt, messenger (Blackberry Messenger/BBM), lan kamampuan nirkabel liyané.[2] Panggunaan gadget canggih iki fenomenal banget ing jaman saiki, nganti dadi kabutuhan kaya fashion.[2] BlackBerry wiwitan dikenalaké ing taun 1997 saka perusahaan Kanada, Research In Motion (RIM).[2] Kamampuan nyaluraké informasi liwat jaringan data nirkabel saka layanan perusahaan tilpun genggem.[2]

[sunting] Sajarah BlackBerry ning Indonesia

BlackBerry wiwit dikenalaké ing Indonésia ing tengahing sasi Desember 2004 déning operator Indosat lan perusahaan Starhub.[2] Perusahaan Starhub ya iku kang ngejewantahan saka RIM kang nduwèni kanca BlackBerry.[2] Pasar BlackBerry diramèkaké déning rong operator gedhé ya iku Excelcom lan Telkomsel.[2] Awit saka panjaluké pamarentahan Indonesia, BlackBerry mbukak perwakilan ing Indonesia wiwit sasi November 2010.[2]

[sunting] Prodhuk unggulané BlackBarry

Prodhuk kang dadi andalan utama lan nggawé BlackBarry disenengi ing pasar yaiku surat-e gegas (push e-mail).[2] Prodhuk iki nduwèni sebutan surat-e gegas amarga kabèh surat-e anyar, dhaptar kontak, lan informasi jadwal (tanggalan)kang dilebokake ning BlackBerry kanthi otomatis.[2] Padha karo kang wis diandharaké ing ndhuwur ngenani kaunggulané BlackBerry, ya iku push e-mail.[2] Nganggo push e-mail mlebu bisa diterusaké langsung ing ponsel.[2] E-mail uga nglakoni [2]prosès komprèsi lan scan ing server BlackBerry saéngga aman saka virus. Lampiran file kaya dhokumèn Microsoft Office lan PDF bisa dibukak kanthi gampang.[2] Email kang ukurane 1 MB, menawi mlebu ning push e-mail bisa dadi 10 kb kang isine isih padha.[2]



[sunting] Cathetan suku

  1. (2006). BlackBerry Pearl. Research In MotionRIM. URL diaksès tanggal 2006-09-18
  2. a b c d e f g h i j k l m n o (id)www.berryindo.com(dipuntingali tanggal 2 Agustus 2011)
Sumber artikel punika saking kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=BlackBerry&oldid=652010"
Piranti pribadi
Ruang jeneng

Varian
Tindakan
Pandhu Arah
kothak piranti
Basa sanès