Bima Sakti
Prakata [sunting]
Bima Sakti (basa Inggris Milky Way iku salah siji galaksi ing alam semesta. Galaksi Bima Sakti wujudé spiral sing ukurané gedhé, duwé massa ±
massa srengéngé. Galaksi iki ketata saka 200-400 milyar lintang lan duwé diameter 100.000 taun cahya. Let srengéngé karo pusat galaksi iki kira-kira 27.700 taun cahya.
Sistem tata suryané dhéwé ana ing galaksi Bima Sakti iki.
Pusat galaksi iki ketata saka ewonan lintang-lintang tuwa lan nduwèni gaya gravitasi sing kuwat banget. Ana dugaan yèn ing pusat galaksi iki ana bolongan ireng (black hole) sing gedhé banget.
Spiral-spiral (lengan) ing galaksi iki ana 4 sing utama lan 2 sing luwih cilik, kabèh diwiwiti saka pusat galaksi. Spiral-spiral iku yaiku:
- Lengan Norma
- Lengan Scutum-Crux
- Lengan Sagitarius
- Lengan Orion utawa lengan lokal
- Lengan Perseus
- Lengan Cygnus utawa lengan njaba
Galaksi Tangga [sunting]
Akèh galaksi-galaksi liya ing jagat raya, galaksi-galaksi iku mangun klompok-klompok (gugus galaksi). Galaksi tangga sing paling cedhak karo galaksi Bima Sakti yaiku galaksi Andromeda