Billy Boyd

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, golèk
Billy Boyd
Billy Boyd.jpg
Billy Boyd
Asma wiyosan Billy Boyd
Miyos 28 Agustus 1968 (umur 43)
Flag of the United Kingdom.svg Glasgow
Taun aktif 1998-samenika

Billy Boyd (lair ing Glasgow, Skotlandia, 28 Agustus 1968; umur 43 taun) inggih menika aktor saking Skotlandia.[1] Panjenenganipun miyos saking pasangan William lan Mary Boyd, ingkang sampun tilar donya nalika Boyd taksih rumaja.[2] Panjenenganipun ageng kaliyan sadhèrèkipun, Margaret, kaliyan éyangipun. Ing taun 1984, nalika Boyd nembé yuswa enem welas taun, Boyd nyambut damel ing perusahaan musik lokal Teater Guild.[1]

[sunting] Karir

Sadèrèngipun miwiti karir ing jagad akting, Boyd nyambut damel minangka panjilid buku ngantos pitung taun dangunipun, lan salah satunggalipun buku menika inggih menika buku The Lord of The Rings ingkang ing wekdal salajengipun saged ndadosaken panjenenganipun dados artis ingkang misuwur.[1]

Sasanèsipun dados aktor film, panjenenganipun ugi dados paraga téater.[1] Panjenenganipun sampun maragakaken pinten-pinten drama, ing antawisipun San Diego and The Ballad of Crazy Paola.[1] Sasanèsipun dados aktor, Boyd ugi dados musisi gitaris, bassis, lan drummer.[1] Panjenenganipun ugi nyerat tembang kanthi irah-irahan The Edge of Night wonten ing film The Lord of The Rings: The Return of The King ingkang dipunsutradharai déning Peter Jackson.[1] Billy Boyd ugi naté dados paraga Glen ing film Multiple Personality Disordered Son of Chucky, lan dados Tiffany wonten ing film Seed of Chucky ing taun 2004.[1] Boyd ugi dados paraga Davie ing film Sunshine of Leith.[1] Ing taun 2011 menika, Boyd dados main ing film The Lion Inside.[1] Ing jagad musik, Billy Boyd naté damel grup band ingkang naminipun Beecake.[1] Band kasebat naté pikantuk bebingah VisitScotland kanthi mlebet kategori Best Live Act ing adicara penghargaan musik Tartan Clef.[1]

[sunting] Cathetan suku

  1. a b c d e f g h i j k l (id)Billy Boyd dipunundhuh tanggal 21 September 2011)
  2. Spencer, Liese Boyd Up. Scotsman.com. URL diaksès tanggal 2007-06-04

[sunting] Pranala njawi

Sumber artikel punika saking kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Billy_Boyd&oldid=673156"
Piranti pribadi
Ruang jeneng

Varian
Tindakan
Pandhu Arah
kothak piranti
Basa sanès