Betharia Sonata

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, golèk
Betharia Sonata
Lair Betharia Sonata
Jeneng liya Betharia Sonata
Pagawéyan Penyanyi
Taun aktif 1981-ngantos sapunika

Sri Betharia Sonatha utawi misuwur minangka Betharia Sonata (lair ing Bandung, Jawa Barat, 14 Desember 1960; umur 51 taun) menika satunggalipun penyanyi lan bintang film Indonesia.[1] Karieripun dipunlewati kanthi kaprigelanipun ing bab akting film lan dados penyanyi pop.[1] Betha misuwur minangka penyanyi lagu Hati yang Terluka ingkang nate hit ing jaman taun 1990-an, lan lajeng nyusul album Seandainya ing taun 1995, Memoriku Di Karaoke ing taun 1997, Best of Betharia Sonatha Karaoke ing taun 1999, Melayu Deli Betharia Sonatha ing taun 1999, lan [[Platinum 22 Best Of Betharia Sonatha Vol. 002 ing taun 2003.[1] Wiwit terjun dados penyayi, Betharia Sonata sampun damel 30 album solo.[1] Panjenenganipun ngakeni saged pikantuk royalti Rp 100 juta per taun saking usahanipun ngantos samenika.[1] Sanesipun kanugrahan Golden Kaset, Betha ugi nate pikantuk 7 Golden Records.[1] Album-albumipun dipunprodhuksi dening Musica Studio's.[2] Sanesipun dados penyanyi, Betha ingkang agaminipun Islam menika ugi dados bintang film "Kamus Cinta Sang Primadona" lan "Biarkan aku cemburu".[2] Sasampunipun pegatan kaliyan aktor Willy Dozan, Betha ugi ndherek main film FTV "Pak De" (2007) kaliyan Didi Petet.[2]


[sunting] Cathetan Suku

  1. a b c d e f (id)Betharia Sonata dipunundhuh tanggal 28 Juli 2011)
  2. a b c (id)Betharia Sonata:Semoga ini Pernikahan Terakhir Willy dipunundhuh tanggal 28 Juli 2011)

Artikel punika taksih tulisan rintisan (stub). Sinten kémawon ingkang kersa mbenakaken, sumangga kémawon.

[sunting] Pranala Njawi

(id)Betharia Sonata

Sumber artikel punika saking kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Betharia_Sonata&oldid=561646"
Piranti pribadi
Ruang jeneng

Varian
Tindakan
Pandhu Arah
kothak piranti
Basa sanès