Bedugul
Bedugul mujudaken salah satunggalipun obyèk wisata ing Bali, ingkang dumunung wonten ing pagunungan dhataran inggil ingkang éndah lan asri. Ing Bedugul para wisatawan saged mirsani kaéndahanipun tlaga Beratan lan Pura Ulun Danu. Kekalihipun dumunung wonten ing dusun Candi Kuning, Kecamatan Baturiti, Tabanan. Tebihipun kirang langkung 70 kilomèter saking panggènan wisata Kutha utawi Bandhar udhara internasional Ngurah Rai. Bangunan ingkang wonten ing kawasan wisata Bedugul punika kagolong bangunan ingkang sampun dangu, ananging taksih resik lan asrep.
Bab lan Paragraf |
Kaistiméwaan [sunting]
Bedugul dumunung ing dhataran inggil ingkang asri lan tansah kaslimuti pedhut. Ing papan wisata punika, ugi saged dipunpirsani kaéndahan alam pagunungan lan Pura Ulun Danu ingkang mapan ing satengahing Tlaga Beratan igkang resik. Pura Ulun Danu menika papan pamujan Sang Hyang Dewi Danu minangka dèwi ingkang paring kasuburan.
Fasilitas [sunting]
Ing Bedugul wonten tiyang- tiyang ingkang nyadé asil kebon. Sanèsipun, ugi wonten kapal boat utawi prau ingkang saged dipunséwa dening pengunjung ingkang badhé mirsani tlaga Beratan. Ing saindhenging tlaga ugi wonten kios- kios alit ingkang nyadé olèh-olèh. [1]
Objek Sanèsipun [sunting]
Sasanèsipun Tlaga Beratan lan Pura Ulun Danu, ing sacaketipun Bedugul ugi wonten papan wisata Kebun Raya Eka Karya Bedugul Bali. Papan wisata punika dumunung ing 2 Kilomèter saking Tlaga Beratan. Kebun punika dipunbangun ing tanggal 15 Juli 1959. Wiyaripun Kebun Raya punika 157,5 Ha. Kebun punika dumunung ing panggènan ingkang inggilipun 1250 ngantos 1450 mdpl. [2]
Cathetan Suku [sunting]
- ^ (id)www.balitoursclub.com(dipuntingali tanggal 8 Agustus 2011)
- ^ (id)astrobali.com(dipuntingali tanggal 8 Agustus 2011)
Artikel punika taksih tulisan rintisan (stub). Sinten kémawon ingkang kersa mbenakaken, sumangga kémawon. {{Kategori:Artikel mawi basa krama]]