Beatrix saka Walanda
| Beatrix | |
|---|---|
| Putri Beatrix saka Walanda | |
| Ratu Beatrix taun 2003. | |
|
|
|
| Pamaréntahan | 30 April 1980 – 30 April 2013 |
| Didhisiki | Juliana |
| Pangganti | Willem-Alexander |
| Perdhana Mentri |
Delengen dhaptar
|
| Garwa | Claus van Amsberg |
| Isu | |
| Willem-Alexander saka Walanda Pangéran Friso saka Oranje-Nassau Pangéran Constantijn saka Walanda |
|
| Asma jangkep | |
| Beatrix Wilhemina Armgard | |
| House | Wangsa Oranje-Nassau |
| Bapa | Pangéran Bernhard saka Lippe-Biesterfeld |
| Ibu | Juliana saka Walanda |
| Tapak asma | |
| Agami | Protestan |
Beatrix (Beatrix Wilhelmina Armgard, Pocapan ing basa Walanda: [ˈbeːjaˌtrɪks ˌʋɪlɦɛlˈmina ˈɑrmɣɑrt] (
rungokna); lair 31 Januari 1938), iku Ratu saka Karajan Walanda wiwit 1980–2013. Dhèwèké iku putri mbarepé Ratu Juliana saka Walanda lan Pangeran Bernhard saka Lippe-Biesterfeld. Nalika taun 1966, dhèwèké palakrama karo Claus von Amsberg lan duwé anak telu: Pangéran Willem-Alexander (lair 1967), Pangéran Friso (lair 1968), lan Pangéran Constantijn (lair 1969). Nalika Ratu Juliana medhun tahta tanggal 30 April 1980, Beatrix nggantèkaké minangka Ratu Walanda. Tanggal 6 Oktober 2002, sisihané tilar donya. Nalika tanggal 30 April 2013, dhèwèké masrahaké tahta Karajan Walanda marang putrané Pangéran Oranye Willem-Alexander. Upacara panobatan dianakaké ing Nieuwe Kerk, Gréja Anyar, ing sisihé istana[1][2].
Bab lan Paragraf |
Wiwit Panguripan[sunting]
Putri Beatrix lair dadi Putri Beatrix Wilhelmina Armgard saka Walanda, Putri saka Oranye-Nassau, Putri saka Lippe-Biesterfeld ing tanggal 31 Januari 1938 ing Istana Soestdijk ing Baarn, Walanda. Beatrix iku putri pambarep saka Putri Makutha Juliana saka Walanda lan Pangéran Bernhard saka Lippe-Biesterfeld.[3] Lima wali baptis Beatrix sakpungkasané Raja Leopold III saka Belgia, Putri Alice, Countess Athlone, Putri Elisabeth saka Waldeck lan Pyrmont, Adipati Adolf Friedrich Mecklenburg, lan Countess Allene de Kotzebue.[4] Nalika Beatrix umur setaun ing taun 1939, Putri Irene, adhi pisanané lair.[3]
Nalika Perang Donya II diwiwiti ing Walanda sasi Mei 1940, keluwarga karajan Walanda mlayu menyang London, Britania Raya. Setaun sakwisé, Beatrix lunga menyang Ottawa, bareng ibuné Juliana lan adhiné Irene, sauntara bapané Bernhard lan simbahé Ratu Wilhelmina tetep ana ing London.[3] Keluarga kasebut urip ing kediaman Stornoway.[5] Kanggo ngaturaké panuwun amarga éntuk pangreksan kanggo awaké lan putriné, Putri Juliana ngirimaké tulip marang pamaréntah Kanada saben mangsa semi, kang dadi punjer saka Fèstival Tulip Kanada. Adhiné sing kapindho, Putri Margriet lair ing taun 1943.[3] Sak suwéné pangasingan ing Kanada, Beatrix anekani sekolah dhasar[6] ing Sekolah Umum Rockcliffe Park.[7]
Keluwarga kasebut mulih menyang Walanda nalika tanggal 2 Agustus 1945. Beatrix nerusaké sekolahé ing De Werkplaats ing Bilthoven. Adhiné kang nomer telu, Putri Christina lair nalika taun 1947.[3] Ing tanggal 6 September 1948, ibuné, Juliana nggantèkaké Wilhelmina, simbahé dadi Ratu Walanda, lan Beatrix dadi ahli waris Monarki Walanda ana ing umur sepuluh taun.
Pendhidhikan[sunting]
Ana ing sasi April 1950, Putri Beatrix mlebu Incrementum, bagéan saka Baarnsch Lyceum, lan ana taun 1956, Beatrix lulus ujian sekolah saka mata pelajaran seni lan klasik.[8]
Tanggal 31 Januari 1956, Putri Beatrix ngrayakaké ambal warsa ka-18. Lan ing tanggal kasebut, saka ngisor Konstitusi Walanda, Beatrix nduwèni hak kanggo olèh hak prérogatif karajan. Wektu iku, ibuné nglantik ing Déwan Negara.
Ing taun sing padha, Beatrix wiwit studi univèrsitasé ing Univèrsitas Leiden. Ing taun pisanané ing univèrsitas, Beatrix sinau sosiologi, ukum, ékonomi, sajarah parlemèntèr lan hukum konstitusional.[8] Ing program studiné, Beatrix uga anekani mata kuliah ngenani budaya Suriname lan Antillen Walanda, Piagam Karajan Walanda, gegandhèngan internasional, ukum internasional, sajarah lan ukum Éropah.
Putri Beatrix uga nekani organisasi Éropah lan internasional ing Jenéwa, Strasbourg, Paris, lan Brussel. Beatrix uga kalebu anggota aktif saka VVSL (Persatuan Pawèstri kanggo Siswa ing Leiden), saiki disebut L.S.V.Minerva, sakwisé gabung karo Korps Leidsch Studenten (sing sakdurungé mung wong lanang). Ing mangsa panas 1959, Beatrix ngliwati ujian pamriksan ndhisik ngenani ukum, lan Beatrix olèh sesebutan sarjana ukum ing sasi Juli 1961.[8]
Campur tangan pulitik lan bebrayan[sunting]
Kinerjané ing kancah pulitik énggal waé ditengeri déning kontrovèrsi. Nalika taun 1965, Putri Beatrix tunangan karo bangsawan Jerman, Claus von Amsberg, sawijining diplomat sing nyambut gawé kanggo Kantor Manca Negara Jerman. Palakrama kaloroné nyebabaké protès gedhèn sakwéné dina dhaupé ing Amsterdam nalika tanggal 10 Maret 1966. Pangéran Claus naté tugas ing Nom-noman Hitler lan Wehrmacht lan mula saka iku dhèwèké kagandhèng karo bagéan saka pendhudhuk Walanda lan Nazisme Jerman. Protès kasebut kalebu slogan sing duwé kesan kayadéné "Claus 'raus!" (Claus metua!) lan "Mijn fiets terug" (Balèkna pitku), nalika tentara Jerman nyita pit-pit ing Walanda. Sawijining bom kebul diuncalaké menyang kréta dhaupé déning saklompok Provo sing nyebabaké peperangan ing ndalan karo pulisi. Sairing lumakuné wektu, kepiyé waé, Pangéran Claus dadi salah siji anggota paling populèr saka Monarki Walanda lan nalika dhèwèké séda taun 2002, kabèh mèlu béla sungkawa.
Sawijining karusuhan sing luwih parah dumadi nalika tanggal 30 April 1980, sakwéné panobatan (panguwasa saka Walanda ora dinobataké kayadéné) Ratu Beatrix. Sapérangan wong, kalebu pedunung liar sosialis, migunakaké kasempatan iku kanggo mrotès kahanan pomahan sing ala ing Walanda lan nglawan monarki, sarta uga migunakaké slogan "Geen woning; geen Kroning" (ora ana omah; ora ana panobatan). Bentrokan karo pulisi lan wadyabala kaamanan dadi brutal lan kakerasan.
Saliyané iku, Ratu Beatrix iku anggota saka Grup Bilderberg[9] lan anggota kinurmatan saka Klub Roma.[10]
Ratu Walanda[sunting]
Ana ing tanggal 30 April 1980, Beatrix diangkat dadi Ratu Walanda sakwisé ibuné mudhun tahta. Ana taun 1994, Mentri Manca Negara ngabaraké ing Parlemèn yèn kedutaan besar Walanda ing Yordania wis dibukak saka panjalukké.
Ana ing tanggal 6 Oktober 2002, bojoné, Pangéran Claus séda sakwisé gerah. Siji setengah taun sakwisé, ibuné séda sakwisé merjuwangké nglawan demensia, sauntara bapakké séda amarga kanker ing sasi Desember 2004.
Tanggal 8 Februari 2005, Beatrix nampa gelar doktor kinurmatan sing arang diwènèhaké saka Univèrsitas Leiden, gelar kinurmatan sing ora biyasa diwènèhaké marang Ratu. Ana ing pidhato panampanané, dhèwèké ngujaraké bab monarki lan 25 tahuné dadi ratu.[11] Pidhato iku disiyaraké langsung.[12]
Tanggal 29 April lan 30 April 2005, dhèwèké ngriyayakaké ambal warsa kaping-25 mangsa pamaréntahané. Dhèwèké diwawancarai ing tivi Walanda, ditawani konsèr ing Dam Square ing Amsterdam, lan riyaya dianakaké ing Den Haag, punjer pamaréntahan negara iki.
Tanggal 30 April 2009, ratu lan keluwarga karajan dadi sasaran serangan montor déning Karst Tates. Tates nabrakaké montoré mlebu menyang paradhe ing Apeldoorn lan mèh waé nabrak bis kang nggawa Ratu. Wong lima mati ana ing papan kedadéyan, wong kang loro lan Tates mati dina sesukké. Wong siji liyané korban kacilakan kasebut kahanané kritis lan seminggu pungkasané, korban iku mati. Pihak karajan tanpa tatu lan aman, ananging ratu lan anggota keluwarga sing nyeksèkaké kacilakan saka let cerak ngrasa trauma. Wong lanang iku jebulané ngomong marang polisi yèn dhèwèké sengaja masang targèt marang keluwarga karajan.[13] Iki dianggep dadi serangan fisik pisanan marang karajan Walanda ing jaman modhèrn.
Sesebutan, gaya, lan pakurmatan[sunting]
Ratu Beatrix wis nyekel sesebutan sakdawané uripé, minangka putu utawa putri nata, lan akiré minangka panguwasa. Sesebutan resmi Ratu Beatrix yaiku Sing Minulya Beatrix, kanthi Berkahing Gusti, Ratu Walanda, Putri Oranye-Nassau, lsp. lsp. lsp. Kaping telu 'lsp.' ngujuk marang sesebutan Putri Lippe-Biesterfeld lan isih akèh sesebutan formal liyané sing dicekel déning Ratu. Ratu nandhatangani dhokumèn resmi mung kanthi jeneng "Beatrix". Jroning basa sadina-dina, dhèwèké diundang Ratu utawa Sing Minulya. Nanging nalika guneman karo Ratu, luwih trep migunakaké "Sing Minulya" utawa jroning basa Walanda minangka "Uwe Majesteit"[14] lan sawisé iku minangka "Nyonya"/"Madam" utawa jroning basa Walanda minangka "Mevrouw" sing arupa étikèt resmi senajan dhèwèké luwih seneng diundang "Baginda" saben wektu.
Beatrix wis nampa pakurmatan lan bebungah saka manéka negara ing saindhenging donya, saksuwéné uripé minangka putri uga minangka nata. Jroning kapasitasé minangka panguwasa, dhèwèké iku pamimpin sing hébat saka Ordo Militèr William (Militaire Willemsorde) lan ordo Walanda liyané.
Lambang[sunting]
Anak[sunting]
| Jeneng | Lair | Bebrayan | ||
|---|---|---|---|---|
| Tanggal | Pasangan | Anak | ||
| Pangéran Willem-Alexander | 27 April 1967 | 2 Februari 2002 | Máxima Zorreguieta Cerruti | Putri Catharina-Amalia Putri Alexia Putri Ariane |
| Pangéran Friso | 25 September 1968 | 24 April 2004 | Mabel Wisse Smit | Countess Luana Countess Zaria |
| Pangéran Constantijn | 11 Oktober 1969 | 19 Mei 2001 | Laurentien Brinkhorst | Countess Eloise Count Claus-Casimir Countess Leonore |
Leluhur[sunting]
| Silsilah saka Beatrix saka Walanda | ||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||
|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|
|
||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||
Réferènsi[sunting]
- ^ Artikel:"Willem-Alexander Bersiap Jadi Raja" di Kompas.com
- ^ Artikel:"Willem-Alexander, Raja Belanda pertama dalam 120 tahun" di www.bbc.co.uk/indonesia.
- ^ a b c d e Youth. The Dutch Royal House. Diaksès tanggal 11 Juli 2008.
- ^ De vijf peetouders van prinses Beatrix. The Memory of the Netherlands. Diaksès tanggal 11 Juli 2008.
- ^ "CBC News", Cbc.ca, 18 January 2008. diaksès tanggal 2010-03-05.
- ^ Education. The Dutch Royal House. Diakses ana 11 Juli 2008.
- ^ "National Capital Commission". Canadascapital.gc.ca. http://www.canadascapital.gc.ca/bins/ncc_web_content_page.asp?cid=16297-16298-10118-10120&lang=1&bhcp=1. Retrieved 2010-03-05.
- ^ a b c "Het Koninklijk Huis". Koninklijkhuis.nl. http://www.koninklijkhuis.nl/Wie_is_wie/H_M_de_Koningin/Studie. Retrieved 2010-03-05.
- ^ "Bilderberg Meeting of 1997 Assembles". PR Newswire. 13 June 1997. http://www.prnewswire.de/cgi/release?id=42594.
- ^ [1][pranala nonaktif]
- ^ Tèks jangkep pidhato bisa ditemokaké ing http://www.koninklijkhuis.nl/NL/nieuws/nieuws.html?Toespraken/2223.html
- ^ Siyaran jangkep ing http://cgi.omroep.nl/cgi-bin/streams?/nos/nieuws/2005/februari/video/080205/beatrix_toespraak.wmv
- ^ NOS. "Koninklijke familie was doelwit (Royal family was the target) (Dutch)". http://www.nos.nl/nosjournaal/artikelen/2009/4/30/300409_persconferentie.html. Retrieved 2009-05-01.
- ^ "The Dutch Royal House; FAQ; "How should I address members of the Royal House?"". Archived from the original on 10 June 2007. http://web.archive.org/web/20070610075751/http://www.koninklijkhuis.nl/english/content.jsp?objectid=13853. Retrieved 2008-06-29.
Pranala njaba[sunting]
| Familypedia duwé artikel ing Beatrix van Oranje-Nassau (1938-). |
- (en) Biografi resmi
- (nl) 25 taun Beatrix minangka Ratu
|
Beatrix saka Walanda
Cabang kadet Wangsa Lippe
Lair: 31 Januari 1938 |
||
| Regnal titles | ||
|---|---|---|
| Sing mengku sadurungé: Juliana |
Monarki Walanda 30 April 1980–30 April 2013 |
Isih njabat Penerus: Willem-Alexander |