Beatrice Hsu
| Beatrice Hsu | |
|---|---|
| Jeneng Cina | 許瑋倫 (Tradhisional) |
| Jeneng Cina | 许玮伦 (Prasaja) |
| Pinyin | Xǔ Wěilún (Mandarin) |
| Jeneng liya | Hsü Wei-lun |
| Pakaryan | Actress, singer |
| Taun aktif | 2001–2007 |
| Situs resmi | www.weilun.idv.tw |
Beatrice Hsu 許瑋倫=许玮伦=Xǔ Wěilún, 28 Januari 2007 (umur 28) iku salah siji artis saka Taiwan.[1] Dheweké nduweni jeneng kondhang Hsü Wei-lun. [1] Saliyane pinter akting, Hsü Wei-lun uga prigel nyanyi. Kurang luwih wis 5 taun Hsü Wei-lun ana ing ndonya kaartisan.[1]
Hsü Wei-lun miwiti dadi artis nalika isih kuliyah.[1] Nalika iku dheweké mbintangi pariwara kang ana ing tivi.[1] Jenengé mulai kondhang nalika dadi paraga ing GTV drama kang irah-irahané True Love 18 kang uga nggawe dheweké mlebu nominasi Golden Bell Awards dadi aktris pendukung paling apik taun 2002. [1] Awit iku dheweké kerep metu ing tivi.[1] Dheweké misuwur banget ing filem Meteor Garden, nalika iku bebarengan karo grup band F4.[1]
Hsu Wei Lun uga ora mung kondhang ing donya film, nanging uga kondhang dadi musisi lan prigel dolanan piano, harpa, gitar, drum, lan erhu. [1] Hsu Wei Lun uga tau nyanyi sapanggung karo Gary Cao Ge kanthi tembang kang irah-irahané Freedom ing tivi drama Nine-Ball taun 2004.[2] Hsu Wei Lun mati amarga kacilakaan mobil.[1] Kacilakaan kasebut kadadean ning National Highway No. 1, Taiwan nalika tabuh 23:15, tanggal 26 Januari 2007. [1]
Nalika prastawa iku mobilé kang didigunakaké kanggo mara ing panggon soting film Daughter of the Sun.[1] Nalika prastawa iku, dheweké isih sadar lan ngupaya metu saka talenan sabuk pengaman, nanging durung bisa metu saka mobil, ana trek kang nabrak mobilé saka mburi.[1] Kira-kira rong dina dirawat ing rumah sakit banjur, dheweké ninggal donya tanggal 28 Januari, 2007 tabuh 19:37. Tanggal 9 Februari 2007 dianakake konser kanggo mèngeti matine Xu Weilun.[1]