Basa Melayu Kuna
Basa Melayu Kuna iku basa sing mlebu ing grumbulan basa Austronésia lan dianggep salah sawijining wujud wiwitan (proto) kanggo basa Melayu. Manut sawetara cathetan, basa Melayu Kuna (MK) naté digunakaké ing antarané abad ka-7 nganti abad ka-13, yaiku ing jaman panguwasaning Wangsa Syailendra ing Jawa lan Karajan Sriwijaya. Ananing basa iki dimangertèni seka prasasti lan wilahan logam (ana sing arupa emas lan ana uga tembaga) sing katemon ing Nusantara sisih kulon, kaya ta Pulo Sumatera lan sakupengé, Pulo Jawa, lan Pulo Luzon, Filipina.
Tembung-tembung ing basa iki akèh kecipratan basa Sanskerta, sing nuduhaké kabudayan India sing sumrambah lan nyawiji ing urip padinan. Basa Sanskerta nganti tekan sepréné nyumbang tetembungan Basa Melayu. Aksara sing digunakaké manèka warna, wiwit aksara Pallawa, aksara Kawi utawa aksara Pasca-Pallawa[1].
Bab lan Paragraf |
Sumber-sumber basa Melayu Kuno [sunting]
Sumber-sumber basa Melayu kuna ditemokaké ing prasasti-prasasti iki:
- Prasasti Kedukan Bukit[2], Palembang (605 Saka / 683 M, (basa Melayu Kuna, lan nganggo aksara Pallawa)
- Prasasti Talang Tuwo, cedhak Palembang (606 Saka / 684 M, huruf Pallawa, ditemokaké Residhèn Louis Constant Westenenk tanggal 17 November 1920 ing sawijining kawasan kanthi sebutan Talang Tuwo, ing sisih kulon-laut Bukit Seguntang)
- Prasasti Kota Kapur, Pulau Bangka (608 Saka / 686 M, aksara Pallawa)
- Prasasti Karang Brahi, Kabupaten Merangin, Jambi (614 Saka / 692 M, aksara Pallawa)
- Prasasti Telaga Batu, Palembang, Sumatera Selatan, abad ka-7
- Prasasti Palas Pasemah, Palas, Lampung, abad ka-7
- Prasasti Hujung Langit, Hujung Langit, Lampung
- Prasasti Mañjuçrighra, Candhi Séwu, Prambanan, Klathèn, Jawa Tengah, 2 November 792M[3]
- Prasasti Sajamerta, Desa Sajamerta, Kecamatan Reban, Batang, Jawa Tengah[4]
- Prasasti Kayumwungan, Karangtengah, Temanggung, Jawa Tengah, 824 (dwibasa, Melayu Kuna dan Jawa Kuna)
- Prasasti Gandasuli I dan II, Candhi Gandasuli, Desa Gandasuli, Kecamatan Bulu, Temanggung, Jawa Tengah, 832[3]
- Keping Tembaga Laguna, Manila, Filipina, 900[3]
- Prasasti Bukateja, Bukateja, Purbalingga, Jawa Tengah[3]
- Prasasti Dewa Drabya, Dhièng, Jawa Tengah[3]
- Prasasti Padang Roco[5] ing (Kabupaten Dharmasraya saiki) (dwibasa, Melayu Kuna dan Jawa Kuna)
- Prasasti Suruaso[6], di Suruaso, Kabupaten Tanah Datar (basa Sanskerta, lan aksara Melayu)
- Kitab Undang-Undang Tanjung Tanah[1] di Kerinci (basa Melayu Kuna, lan aksara Melayu)
Ciri-ciri [sunting]
Katon banget yèn basa Melayu Kuna akèh kecipratan seka basa Sanskerta liwat tembung-tembuh sesulih seka basa iku, sarta uniné konsonan aspiratif kaya ta bh, ch, th, ph, dh, kh, h (Conto: sukhatchitta). Nanging, reroncèning ukara jelas asipat Melayu utawa Austronesia, kaya ta anané imbuhan (suffix). Imbuhan-imbuhan ik bisa katlacak karo wujud imbuhan basa Melayu Klasik utawa basa Indonesia[7], seperti awalan mar- (> ber- dalam bahasa Melayu Klasik), ni- (> di-), nipar- (> diper-), maN- (> meN-), ka- (> ter-), dan maka- (> ter-).
Pronomina pribadi, kaya déné basa Indonesia, uga kapérang seka pronomina mardika (independen) lan èkliktik (genitif)[8]: 1s = aku, -ku/-nku, 2p = kamu, mamu, 3s = iya, nya, 3p (hormat) = sida, -da,-nda, 2p (divinum) = kita, -ta/-nta.
Rong dhialek wis diduga déning Aichelle ing taun 1942 lan A. Teeuw wiwit 1959[9]: Dialek prasasti Sumatera: ni-/var- dan dialek luar Sumatera di-/bar-.
Cathetan suku [sunting]
- ^ a b Kozok, Uli, (2006), Kitab Undang-Undang Tanjung Tanah: Naskah Melayu yang Tertua, Jakarta: Yayasan Obor Indonesia, ISBN 979-461-603-6.
- ^ Coedes, George, (1930), Les inscriptions malaises de Çrivijaya, BEFEO.
- ^ a b c d e Situs "The History of Pasuruan Regency"
- ^ Situs Kabupaten Batang, diakses 7 Juni 2007
- ^ Muljana, Slamet, 1981, Kuntala, Sriwijaya Dan Suwarnabhumi, Jakarta: Yayasan Idayu, hlm. 223.
- ^ Casparis, J. G. de., (1992), Kerajaan Malayu dan Adityawarman, Seminar Sejarah Malayu Kuno, Jambi, 7-8 Desember 1992. Jambi: Pemerintah Daerah Tingkat I Jambi bekerjasama dengan Kantor Wilayah Departemen Pendidikan dan Kebudayaan Jambi, hlm. 235-256.
- ^ Mahdi W. 2005. Old Malay. Dalam: Adelaar K.A. & Himmelmann N. (penyunting) The Austronesian languages of Asia and Madagascar. Routledge. Hal. 197.
- ^ Mahdi W. 2005. ibid.. Hal. 196.
- ^ Mahdi W. 2005. ibid.. Hal. 183.
Pustaka [sunting]
- Mahdi W. 2005. Old Malay. Dalam: Adelaar K.A. & Himmelmann N. The Austronesian languages of Asia and Madagascar. Hal. 182–200.