Baronang
|
|
Artikel punika pinuju ngalami éwah-éwahan ageng ngantos 28 Februari 2013 Kanggé nyegah konflik panyuntingan, nyuwun tulung supados boten nyunting artikel punika nalika pesen punika taksih wonten. Kaca punika pungkasan dipunsunting déning Legobot (Kontrib • Log) 66 dinten 809 menit kapungkur. |
|
Artikel pelatihan Papat Limpad 2012 punika perlu dipunrapèkaken supados miturut dhumateng standhar Wikipédia |
| Klasifikasi èlmiah | |
|---|---|
| krajan: | Animalia |
| filum: | Chordata |
| Superkelas: | Osteichthyes |
| kelas: | Actinopterygii |
| Subkelas: | Neopterygii |
| Infrakelas: | Teleostei |
| Superorder: | Acanthopterygii |
| ordo: | Perciformes |
| kulawarga: | Siganidae |
| Genus: | Siganus |
Baronang (Siganus Sp) menika iwak laut ingkang kalebet famili Siginidae. Ulam baronang dipunkenal kaliyan masarakat kanthi nama ingkang béda-béda. Kados ing Pulo Seribu dipunwastanii kea-kea, ing Jawa Tengah biawas, para nelayan ing Pulo Maluku mastani samadar. Menawi wonten ing Basa Inggris ulam menika dipunwastani rabbitfish awit saking ulam baronang menika mangan tuwuhan (rumput laut) lan caranipun mangan menika rapi kados mesin pemangkas rumput. Ulam Baronang kalebet salah satunggaling ulam ingkang dados remening para pemancing ing segara [1].
Ciri-ciri [sunting]
Ulam Baronang kalebet ulam herbivora kanthi dawanipun ulam ageng 20-45 cm. Awakipun pipih lateral lan mbujur, dipuntutup kaliyan sisik alit. Tutukipun alit posisi terminal kanthi rahahng dipuntutup kaliyan untu-untu. Wonten ing punggung dipuntutup kaliyan eri tajem ingkang ngarah mangajeng. Eri menika ngandut wisa utawi racun ingkang saged mateni tiyang déwasa lan ugi saged damel gerah. Ananging daging saking ulam menika aman menawi dipundhahar manungsa [2].
Jinis-jinis [sunting]
Wonten ing Indonesia wonten jinis-jinis ulam baronang ingkang kados ing ngandhap menika :
- Siganus Guttatus utawi Orange Spotted Spinefoot (baronang tompel).
- Siganus Javus utawi Streaked Spinefoot (baronang angin).
- Siganus Canaliculatus utawi White Spotted Spinefoot (baronang susu).
- Siganus Virgatus utawi Barehead Spinefoot (baronang kalung).
- Siganus Stellatus utawi Brown Spotted Spinefoot (baronang lada).
- Siganus Vermiculatus utawi vermiculated Spinefoot (baronang batik)[1].
Variasi jumlahing endog ulam baronang kanthi dawa 22-27 cm menika ing antawisipun 200.0000 - 1.300.000 butir. Juwana baronang S. guttatus kanthi ukuran D35 bobotipun saged dumugi 50 gram utawi dawanipun 12 cm ing 115 dinten. Lajeng ulam baronang ingkang jinis S. canaliculatus bobotipun saged dumugi 93 gram/ékor ing dangu 5 wulan miara saking bibit kanthi ukuran 25 gram/ékor [1].
Ulam baronang menika saged kénging parasit kados dinoflagelata, inggih menika Amyloodinium ocellatum. Organ ingkang kaserang inggih menika bagéyan insang lan kulit. Ulam ingkang kaserang déning parasit menika katingal bilih nailka wonten toya renang kanthi megap-megap wonten ing permukaan toya. Lajeng medal warna merali ing sekitar lambé lan gejala anémia[1].