Bank Indonésia
| Bank Sentral: | Indonesia |
| Kantor Pusat: | Jakarta |
| Mata Uang: | Rupiah |
| Percetakan: | Peruri |
| WebSite: | http://www.bi.go.id |
Bank Indonesia (BI, biyèn disebut De Javasche Bank) iku bank sentral Republik Indonesia. Minangka bank sentral, BI ndarbèni siji tujuan tunggal, yaiku nggayuh lan miara kastabilan ajiné dhuwit rupiah. Kastabilan aji rupiah iki ngandhut rong aspèk, yaiku kastabilan aji mata uang marang barang lan jasa, sarta kastabilan marang mata uang negara liya.
Kanggo nggayuh tujuan kasebut BI didhukung déning telu pilar sing dadi telu bidhang tugasé. Katelu bidhang tugas iki yakuwi netepaké lan nglaksanakaké kawicaksanan monetèr, ngatur lan njaga kalancaran sistem pembayaran, sarta ngatur lan ngawasi perbankan ing Indonesia. Kateluné perlu diintegrasaké supaya tujuan nggayuh lan miara kastabilan ajiné dhuwit rupiah bisa kaleksanan sacara èfèktif lan èfisièn.
BI uga dadi siji-sijiné lembaga sing nduwèni hak kanggo ngédharaké dhuwit ing Indonesia. BI dipimpin déning Dewan Gubernur. Kanggo periode 2008-2013, Boediono mengku jabatan minangka Gubernur BI. Nanging magepokan karo pencalonan minangka Wakil Présidhèn Republik Indonesia jroning pamilihan Présidhèn taun 2009 Boediono kudu mandheg saka jabatan minangka Gubernur Bank Indonesia.
Para Gubernur Bank Indonesia [sunting]
Wiwit dibentuk, Gubernur BI kaya kapacak ing ngisor iki:
- 2008-2013 Boediono
- 2003-2008 Burhanuddin Abdullah
- 1998-2003 Syahril Sabirin
- 1993-1998 J. Soedradjat Djiwandono
- 1988-1993 Adrianus Mooy
- 1983-1988 Arifin Siregar
- 1973-1983 Rachmat Saleh
- 1968-1973 Radius Prawiro