Bangsa Kazakh
| Etnis Kazakh Қазақтар |
||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||
|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|
| A. Qunanbayuli • Ablai Khan • A. Baitursynov • Chokan Valikhanov • A. Baitursynov, A. Bokeikhanov, M. Dulatuli |
||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||
| Gunggung populasi | ||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||
|
kurang luwih 13,800,000 |
||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||
| Kawasan kanthi gunggung pedunung sing signifikan | ||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||
|
||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||
| Basa | ||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||
| Kazakh, Rusia (lan/utawa basa saenggon) |
||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||
| Agama | ||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||
| Mayoritas Sunni Islam | ||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||
| Kelompok etnis paling cedhak | ||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||
| Bangsa Turkik liyané |
Bangsa Kazakh iku salah siji bangsa utawa ètnis utawa suku kang kagolong rumpun ras Bangsa Turkik kang manggon ing Asia Tengah, umumé ing Kazakhstan, nanging uga ana kang urip ing Républik Rakyat Cina sisih kulon ing propinsi Xinjiang. Saliyané iku suku-suku utawa bangsa iki uga mapan ing Uzbekistan, Rusia, lan Mongolia.[1]
Jaman biyèn bangsa iki urip ing papan wiwit saka Sibéria sisih wétan nganti tekan Segara Ireng ing sisih kulon, lan saiki punjeré ing Asia Tengah wiwit bangsa Turkik lan Turko-Mongol bisa ngrebut papan iku ing abad ka-5 lan ka-13. Menawa nyebut jeneng Kazakh, mesthi kèlingan Kazakhstan. Ètnis Kazakh iki asal-usulé sakaturunan karo suku Kazakhstan ing Asia Tengah.[1]
Cacahé wong Kazakh ing Cina kurang luwih ana 1.250.458 lan manggon ing Xinjiang Uyghur. Bangsa iki nduwèni panggon otonomi dhéwé, yaiku Prefektur Otonomi Ili Kazak, Mori Kazak Otonom County lan Barkol Kazak Otonomi County. Ana uga wong bangsa Kazakh kang urip ing haixi Mongolia amarga kawin karo suku liya. Ana uga kang urip ing Tibet lan Kazak Prefektur Otonomi ing Propinsi Qinghai lan Aksay Kazak Otonom Kabupaten ing Propinsi Gansu.[1]
Agama kang dianut dening wong suku Kazakh umumé agama Islam. Wong-wong suku Kazakh anggoné nganggo klambi katon banget bédané dibandhingaké karo suku liyané. Wong suu Kazakh anggoné nganggo klambi asring nggunakaké cadhar, utawa sorjan saben metu saka omah.[2]