Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Bandhar udhara Utarom (IATA: KNG, ICAO: WASK) dipunkenal ugi Bandhar udara Kaimana, amerga bandhar udara menika wonten ing kabupaten Kaimana, Papua Barat, Indonésia.[1] Bandhara punika wonten kinten-kinten 15 km saking Kaimana.[1]
Bandhar Udhara Kaimana utawi Utarom 1962
Rute lan Maskapai Penerbangan [sunting]
Kacilakan Merpati Nusantara Airlines Penerbangan 8968 (2011) [sunting]
Merpati Nusantara Airline Penerbangan 8968 sakmenika penerbangan domestik MA-60 damelan Xi'an Aircraft Industrial Corporation, China ingkang mlampah [[saking Sorong, Papua Barat, Indonésia tumuju Kaimana kaliyan Nabire, Papua Barat, Indonésia.[2] [3] 7 Mei 2011 kadadosan kacilakan ingkang damelaken 27 tiyang tiwas (21 panumpang, 6 kru pesawat) amergi dawahipun MA-60 wonten laut lepas Provinsi Papua Barat, Indonésia.[4] saking Bandhar Udhara Utarom, Kaiamana, Papua Barat, Indonésia Pesawat punika dhawah wonten laut 500 meter saking bandhara.[5] Amergi kadadosan punika Kabag Kaimana, AKP Teddi Efendi sakaluarga ninggal yuswa.[5] Saderengipun MA-60 damelan Xi'an Aircraft boten diidinaken menawi beroprasi, amergi sampun wonten sejarahipun kacilakan pesawat ingkang sajinisipun.[3]
Dhaptar Kacilakan [sunting]
Daftar Kacilakan MA-60 [3]
| No. |
Tanggal Kadadosan |
Tipe Pesawat |
No. Panerbangan |
Ingkang nitih |
Kacilakan |
Panggenan Kacilakan |
| 01. |
Januari 2009 |
Xi'an MA-60 gadhahipun Zest Airways |
- |
- |
Undershot (mendarat sadherengipun dugi landasan) |
Bandhar Udhara Godofredo P Ramos , Filipina |
| 02. |
25 Juni 2009 |
Xi'an MA-60 gadhahipun Zest Airways |
863 |
54 kaliyan 5 awak pesawat (boten wonten korban) |
Overshot (mendarat sadherengipun dugi landasan) |
Bandhar Udhara Godofredo P Ramos , Filipina |
| 03. |
03 Novembar 2009 |
Xi'an MA-60 UM-239 gadhahipun Air Zimbabwe |
- |
- |
Nabrak 5 babi hutan nalika lepas landas |
Bandhar Udhara Internasional Harare |
| 04. |
07 Desember 2010 |
Xi'an MA-60 |
- |
- |
dawah nalika ndarat |
Bandara Internasional Rangoon, Myanmar |
| 05. |
February 2011 |
Xi'an MA-60 |
- |
- |
Medal saking landasan pacu |
Kupang, Indonésia |
| 06. |
07 Mei 2011 |
Xi'an MA-60 |
MZ-8968 |
21 panumpang kaliyan 6 kru pesawat[4] |
dawah wonten laut lepas nalika ndarat |
Bandhar udhara Utarom, Kaimana, Indonésia |
Chathetan Suku [sunting]