Bambang Pamungkas
![]() |
|||
| Informasi pribadi | |||
|---|---|---|---|
| Jeneng pepak | Bambang Pamungkas | ||
| Tanggal lair | 10 Juni 1980 (umur 33) | ||
| Papan lair | |||
| Dhuwur | 1.68 m (5 ft 6 in) | ||
| Posisi pamain | Panyerang | ||
| Informasi klub | |||
| Klub saiki | Persija Jakarta | ||
| Nomer | 20 | ||
| Karir senior* | |||
| Taun | Tim | Apps (Gls)† | |
| 1999–2000 2000–2001 2001–2004 2005–2006 2007–saiki |
30 (24) ?? (??) 96 (52) 42 (39) ?? (126) |
||
| Tim nasional‡ | |||
| 1999—saiki | 86 (39) | ||
| * Senior club appearances and goals counted for the domestic league only and correct as of 20 November 2009. † Appearances (Goals). |
|||
Bambang Pamungkas (lair ing Salatiga, Jawa Tengah, 10 Juni 1980; umur 33 taun) yaiku pamain bal-balan timnas Indonésia. Bambang Pamungkas biasané diundang nganggo jeneng bépé.[1] Saiki Bambang main ana ing tim Persija Jakarta, tim kang main ana ing liga super Indonèsia.[1] Bambang posisinè dadi penyerang ana ing tim iki.[2][3] Ana ing Persija, Bambang nganggo nomer 20.[3] Pemain kang dhuwuré 171 cm iki dikenal nduwé sundulan kang akurat.[3] Nalika main ana ing tim remaja Jawa Tengah. Bambang naté dinobataké dadi pemain paling apik ana ing piala Haornas.[3] Bambang uga natè dadi pemain kang ngegolkè paling akèh kanggo Indonesia ana ing Piala Asia U-19 Grup V, kanthi 7 gol.[3] Debut pisanan kang dilakoni Banbang Pamungkas bareng timnas senior yaiku 2 Juli 1999.[4] Debutè Bambang nalikanè timnas Indonesia maèn mungsuh Lituania.[4] Bambang nalika semono iseh umur 18 tahun, bisa ngegolké sepisan.[4] Pertandhingan debutè Bambang kanthi asil akhir yaiku 2-2 pada kuatè.[4] Bambang suksès ngegolke pindo ana ing debut pisananè ing liga Indonèsia.[5] Bambang uga natè ngabung karo EHC Norad salah siji tim ana ing Belanda.[5] Amarga kurang bisa adaptasi karo kahanan ana ing èropa, Bambang banjur disilihkè marang tim persija Jakarta.[5] Ana ing taun sakcandakè Bambang dadi pemain kang paling akeh ngegolkè ana ing kejuaraan Piala Tiger lan nalika semono Indonèsia dadi juara nomer 2.[5] Bambang ngrampungi karir ana ing taimnas Indonèsia nalika kualifikasi Piala Donya 2006 yaiku nalika Indonésia mungsuh Sri Langka sasi Nopèmber 2004.[5] Sakdawanè mèlu timnas Garuda (sebutan kanggo timnas Indonèsia) Bambang wis gawè 18 gol ana ing 35 penampilanè.[5]
Bab lan Paragraf |
Kulawargane Bambang[sunting]
Kulawargane Bambang Pamungkas yaiku:[5]
- Rama: H. Misranto
- Biyung: Hj. Suriptinah
- Kangmas lan mbakayu:
- Agus Handoko Misranto
- Agus Budhi Suseno
- Tri Agus Prasetijo
- Eni Kusumawati
- Nanik Setyowati
- Garwa : Tribuana Tungga Dewi
- Putra lan putri :
- Salsa Alicia
- Jane Abel
- Syaura Abana
Sekolahe Bambang[sunting]
Bambang Pamungkas tau sekolah ing:[3]
- Taman Kanak-kanak Bangun 1 Getas Kab. Semarang (1984-1986)
- SD Negeri Kauman Lor 3 Getas Kab. Semarang (1986-1992)
- SMP Negeri 1 Salatiga, *Kelas 1C *Kelas 2C *Kelas 3A (1992-1995)
- SMU Negeri 1 Salatiga, *Kelas 1C *Kelas 2C *Kelas 3 IPS 2 (1996-1999)
- Sekolah Tinggi Ilmu Ekonomi Rawamangun mung 2 semester.
Karier[sunting]
Kariere Bambang Pamungkas:[5]
- SSB Ungaran Serasi (1988-1990)
- Diklat Salatiga (1990-1995)
- Persikas Kab. Semarang (1992)
- Persikas Apac Inti (1995-1999)
- Persija Jakarta (1999-2000)
- EHC Norad (2000-2001)
- Persija Jakarta (2001-2004)
- Selangor FC (2005-2006)
- Persija Jakarta (2007-saiki)
Gol internasional[sunting]
Pranala jaba[sunting]
- (id) Official Website for Bambang Pamungkas
- Bambang Pamungkas FIFA competition record
- Picture
Cathetan Suku[sunting]
|
|||||||
|
|||||||
