Bakmi Jawa
| Informasi | |
|---|---|
| Asal | Indonésia |
| Dhaérah | Jawa |
| Penyajian lan bahan | |
| Bahan | Endhog |
Bakmi Jawa yaiku sawijining panganan bakmi saka Jawa mliginé Daerah Istimewa Yogyakarta lan Jawa Tengah kang nduwé rasa unik lan khas Jawa.[1] Bahan kang dianggo bakmi Jawa yaiku mi teles. Cara masaké uga nganggo areng. Keluk saka areng iku kang bisa mènèhi aroma lan cita rasa khas ing mie.[1] Panganan kaya iki akèh didol ing tlatah Yogyakarta lan Jawa Tengah. Saliyane bakmi Jawa, padatan panganan liya kang uga didol ing warung bakmi Jawa yaiku bakmi godhog, bakmi goreng, sega gorèng, lan magelangan (campuran sega lan mi gorèng).[1] Désa Piyaman, Wonosari, Gunung Kidul mujudaké salah sijining désa kang ngasilaké bakul bakmi Jawa.[2] Ana 600 kulawarga utawa watara saprotelon saka sakabèhaning warga ing désa kasebut nyambut gawé minangka bakul bakmi Jawa. Bakul-bakul saka desa iki wis sumebar tekan kutha-kutha gedhé ing Indonesia.[2] Profesi iki wis turun tumurun saka wong tuwa menyang anak-anaké. Wiwit isih nom-noman, bocah-bocah wiwit diajak nggawé bakmi Jawa. [2]
[sunting]
Bakmi Jawa disuguhaké nganggo campuran endhog bèbèk lan suwiran daging pitik kampung.[1] Saliyané kuwi bakmi Jawa uga bisa dipangan nganggo tempe lan tahu bacem sarta saté endhog puyuh.[3]
Cathetan suku [sunting]
- ^ a b c d (id)Cita Rasa Bakmi Jawa yang Menggoda (12 Agustus 2011)
- ^ a b c (id)Mi Mbah Wito (2): Desa Piyaman, Gudang Pedagang Bakmi Jawa (12 Agustus 2011)
- ^ (id)Bakmi Jawa Si Pemuas Rindu (12 Agustus 2011)