Bai Ling

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, golèk
Bai Ling
Bai Ling 2007.jpg
Bai Ling in 2007
Jeneng Cina 白靈 (Tradhisional)
Jeneng Cina 白灵 (Prasaja)
Pinyin Bái Líng (Mandarin)
Pakaryan Actress
Taun aktif 1984 – present
Wong tuwa Yuxiang BAI (白玉祥)Binbin CHEN (陳彬彬)

Bai Ling (白靈 白灵=Bái Líng) lair tanggal 10 Oktober 1966 (umur 45), dheweké kuwi aktor lan penyanyi ning film The Crow, Red Corner lan Wild Wild West, uga tau mbintangi film-film serial ning TV kayata serial Entourage lan Lost, Dheweké kuwi gedhe ning China, ananging ning taun 1991, Bai mutusaké kanggo pindah maring Amerika, kanggo nngelulusaké karir aktingé ning Hollywood.[1][2]

Bai lair saka kaluwarga kang ngalami broken home, lan dheweké dhewe tau ngerasakaké kauripan ning rumah sakit jiwa amarga dheweké percaya menawa dheweké teka saka rembulan.[2] Ananging dheweké nolak menawa dinyatakaké wus edan.[2]

Sawisé metu saka Rumah sakit kasebut, Dheweké mutusaké kanggo meluni sanggar teater, saka kono bakat aktingé mulai dikembangaké.[2] Debut aktingé ning layar lebar diwiwiti ning taun 1984, yakuwi ning folm kang judulé ON THE BEACH, Sawisé mainaké peran ning film kasebut, dheweké mainaké peran ning film SUSPENDED SENTENCE, YUEYUE, TEARS IN SUZHOU, biasa-biasa wae, lan ora bisa anggawe dheweké tambah kondhang ning masarakat.[2] Jenengé mulai kondhang ning taun 1989 nalika mbintangi film kang judulé ARC LIGHT, amarga perané ning film kasebut, dheweké diundhang ning festival Film Internasional ning Moskow.[2]

Sawisé pindah ning Amerika, dheweké miwiti mainaké peran ning film basa inggris, kayata film kang judulé THE CROW, NIXON, RED CORNER, WILD WILD WEST, ANNA AND THE KING, SHAOLIN SOCCER, TAXI 3, SKY CAPTAIN AND THE WORLD OF TOMORROW lan film-filmliyané.[2]

Film kang paling anyar yakuwi ning taun 2009, dheweké mbintangi film kang judulé CRANK: HIGH VOLTAGE, CHAIN LETTER, A BEAUTIFUL LIFE, THE GAUNTLET, THE LAZARUS PAPERS, MAGIC MAN, LOVE RANCH lan film kang judulé THE EXPANDABLES.[1][2]

ora namung akting, dheweké uga nyoba njegur ning donya tarik suara. [2] Nalika kuwi, dheweké lagi nggarap debut albumé kang kaping pisanan, lan album iku dirilis ning taun 2009.[2]

Ning kauripan pribadiné, dheweké tau digosipaké anduweni hubungan karo Backsteet Boys, yakuwi Nick Carter, hubungan karo Nick malah wis diresmikaké kanthi cara lamaran.[2] Ananging wara-wara mau dibantah dening Nick Carter, Nick Carter nyatakaké menawa hubungan mau kuwi namung kekancan biasa wae.[2]

Pas ning dina Valentine taun 2009, dheweké ditangkap amarga nyolong majalah lan baterai ning bandara Los Angeles. [2] Ananging, dheweké akiré diuculaké sawisé mbayar denda US$700.[2]


[sunting] Cathetan Suku

  1. a b (id)berita Bai Ling dipununduh tanggal 18 Agustus 2011
  2. a b c d e f g h i j k l m n (id)biografi Bai Ling dipununduh tanggal 18 Agustus 2011
Sumber artikel punika saking kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Bai_Ling&oldid=630022"
Piranti pribadi
Ruang jeneng

Varian
Tindakan
Pandhu Arah
kothak piranti
Basa sanès