Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
BMW Sèri 1 kang digawé taun 2004 yaiku montor BMW kang paling cilik. [1]Ana loro modhel kanggo montor jinis iki yaiku koupe/konvertibel (E82/E88) lan hatchback (E81/E87).[1] Sèri 3 kalebu ing montor kompak eksekutif, Mobil BMW iki wiwit digawé nalika taun 1975, déné saiki kalebu generasi kang kalima saka (BMW E90); modhel-modhel kang ana kayata sedan sport (E90), station wagon (E91), koupe (E92), lan konvertibel (E93). [1]Seri 5 yaiku sedan eksekutif mid-size, kang ana uga ing versi sedan (E60) lan station wagon (E61). [1]Seri 5 Gran Turismo (F07) kang wiwit digawé nalika taun 2010 bakal dadi mobil kelas station wagon lan crossover SUV.[1] Mobil BMW dijenengi kanthi sistem jeneng kang tinamtu, biyasané telung digit angka banjur siji utawa loro huruf.[2] Angka kang kapisan iku nomor sèri montor. [2]Déné angka loro sawisé iku biyasané dadi ukuran gedhéné kapasitas mesin ing cc kang dibagi 100. [2] Sanajan ngono mobil BMW kang digawé akhir-akhir iki migunakaké rong nomor mburi kanggo indèks performa, kayata sèri 116i, 118i lan 120i (kabeh montor iki nganggo mesin bènsin 2.0L), kayata 325d lan 330d (loro-loroné nggunakaké mesin 3.0L diesel) kang nggunakaké blok mesin padha ananging tenagané béda amarga setup lan turbocharger. [2]
Cathetan suku [sunting]
|
Konstruktor Formula Siji |
|
|
|
|
| Mantan konstruktor |
|
|
|
|
| Jroning taun 1952 lan 1953, regulasi Kajuwaaraan Donya ndhuweni regulasi Formula Loro, konstruktorkang tethandingan ana ing era regulasi kasebut kudhu dilebokake minanagka dadi paserta balap Formula Satu. Konstruktorkang tethandingan ana ing Indianapolis 500 ngasilake jawara Kajuaraan Donya antara taun 1950 nganthi 1960 ora bisa kalebu ing daftar ing ndhuwur |
|
|
Artikel punika taksih tulisan rintisan (stub). Sinten kémawon ingkang kersa mbenakaken, sumangga kémawon.