Bécak
Bécak (saka basa Hokkien: be chia) yaiku sawijining tumpakaan transportasi kang rodhane telu.[1] Padatan, becak bisa ngemot penumpang cacah loro.[1] Becak kagolong tumpakan kang ramah lingkungan amarga ora nyebabake polusi. Saliyane kuwi, becak uga ora nganggu masarakat awit swarane becak ora seru.[2] Ing tahun 1980an kepungkur, becak dilarang ana ing Jakarta amarga dianggep eksploitasi manungsa. [1]
[sunting] Sajarah Becak
Taun 1869, salah sawijining tokoh saka Amérika kang njabat minangka buruh Kedutaan Besar Amérika Sarékat ing Jepang lagi mlaku-mlaku deleng kaanan ing kutha Yokohama.[1] Ing kono, dheweke golek akal kepriye carane supaya bojone kang sikile cacat bisa melu mlaku-mlaku? Mesthi mbutuhake sawijining tumpakan. [1] Mikire, tumpakan mau ora perlu ditarik dening jaran amarga penumpange mung siji. [1] Banjur dheweke ngambar kreta cilik tanpa tutup ing kertas. [1] Wong-wong Jepang nyebut tumpakan kang ditarik dening manungsa kanthi aran jinrikisha.[1]