Azahari Husin

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, golèk
Gambar:Azahari.jpg
Foto Azahari yang dikeluarkan Kapulisèn Krajaan Malaysia.

Doktor Azahari bin Husin (lair ing Melaka, 14 September 1957 – tilar donya ing Batu, 9 November 2005 kanthi yuswa 48 taun) iku insinyur Malaysia sing diduga minangka utek Bom Bali 2002 lan Bom Bali 2005 sarta serangan-serangan liyané sing diayahi déning Jemaah Islamiyah. Bebarengan karo Noordin M Top, Azahari iku salah siji buronan ing Indonesia lan Malaysia. Azahari manggon ing Australia sajroning patang taun wiwit taun 1975, ngrampungaké pendhidhikan menengah ing Norwood High School, banjur nerusaké ing Universitas Adelaide, nyinaoni teknik mesin, nanging durung lulus lan sabanjuré ing Universitas Teknologi Malaysia ing Johor, Malaysia. Sawisé antuk gelar Ph.D. saka Universitas Reading ing Inggris ing babagan valuasi properti (property valuation), Azahari banjur mulang ing Universitas Teknologi Malaysia.

Ing tanggal 9 November 2005, dilapuraké yèn Azahari tiwas njeblugaké awaké dhéwé ing sawijining panyergapan sing dilaksanakaké klompok Detasemen Khusus 88 ing Kutha Batu amarga kepingin oncat saka pulisi. Koran The Star ing Malaysia nyebut yèn Azahari tansah nganggo bom ing sakojuring awak minangka jaga-jaga yèn bakal kecekel.[1] Naning miturut versi Polri, Azahari mati katembak anggota kapulisèn, ora njeblugaké awaké dhéwé. Pulisi banjur mesthèkaké identifikasi Azahari sawisé dicocogaké karo sidik driji saka Kapulisèn Indonesia lan Kapulisèn Krajaan Malaysia.

[sunting] Deleng uga

[sunting] Referensi

[sunting] Pranala jaba

Sumber artikel punika saking kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Azahari_Husin&oldid=256783"
Piranti pribadi
Ruang jeneng

Varian
Tindakan
Pandhu Arah
kothak piranti
Basa sanès