Ayu Utami
Justina Ayu Utami (lair ing Bogor, Jawa Kulon, 21 November 1968; umur 44 taun) yaiku aktivis jurnalis lan novèlis Indonésia. Ayu Utami gedhéné ing Jakarta lan ngrampungké kuliahé ing Fakultas Sastra Universitas Indonesia.[1]
Dhèwèké tau dadi wartawan ana ing kalawarti Humor, Matra, Forum Keadilan, lan D&R.[1] Ora suwé sawisé ditutupé Tempo, Editor lan Detik ing mangsa Orde Anyar, dhèwèké mèlu ngadegaké Aliansi Jurnalis Independen kang mrotès pambrèdhèlan.[1] Saiki dhèwèké kerja ing jurnal kabudayan Kalam lan ing Teater Utan Kayu. Novèlé sing pisanan, Saman, éntuk unèn-unèn saka kritikus-kritikus lan dianggep mènèhi werna kang anyar ing sastra Indonésia.[1]
Ayu ditepungi minangka novèlis wiwit novèlé Saman menang ing sayembara nulis roman Dewan Kesenian Jakarta 1998.[1] Wektu 3 taun Saman wis payu 55 èwu èksemplar.[1] Amarga Saman uga, Ayu éntuk Prince Claus Award 2000 saka Prince Claus Fund, yayasan kang panggonané ana ing Den Haag, kang nduwèni misi ndhukung lan majokaké kagiyatan ing bidhang budaya lan pambangunan.[1] Akir 2001, dhèwèké ngetokaké novèl Larung.[1]
Bab lan Paragraf |
Karir lan kagiyatan [sunting]
- Wartawan lepas Matra.[2]
- Wartawan Forum Keadilan.[2]
- Wartawan D&R.[2]
- Anggota Sidang Redaksi Kalam.[2]
- Kurator Teater Utan Kayu.[2]
- Pangadeg lan anggota Aliansi Jurnalis Independen.[2]
- Panliti ing Institut Studi Arus Informasi.[2]
Karya [sunting]
- Novèl Saman, KPG, Jakarta, 1998.[2]
- Novèl Larung, KPG, Jakarta, 2001.[2]
- Kumpulan Esai "Si Parasit Lajang", GagasMedia, Jakarta, 2003.[2]
- Novèl Bilangan Fu, KPG, Jakarta, 2008.[2]
- Naskah film drama "Ruma Maida" 2008.