Ayu Ting Ting
| Ayu Ningtyas | |
|---|---|
| Lair | 20 Juni 1992 (umur 21) |
| Jeneng liya | Ayu Ting Ting |
| Pagawéyan | penyanyi |
| Taun aktif | 2011 - saiki |
Ayu Ting Ting menika salah setunggaling artis saha penyanyi dhangdhut.[1]Ayu ting Ting menika penyanyi ingkang lair nalika tanggal 20 Juni 1992.[1] Nama Ayu Ting Ting menika misuwur lumantar lagunipun ingkang gadhah irah-rahan Alamat Palsu. [1] Lagu menika laris wonten ing pasar musik Indonésia. [1] Kejawi menika ringtone Ayu Tingting Alamat Palsu ugi kathah dipunanggé dados ringtone tilpun gegem. [1] Ayu Ting Ting gadhah nama asli Ayu Rosmalia.[1] Ayu Ting Ting menika lair ing Depok. [1] Ayu Ting Ting gadhah awak ingkang nginggilipun 160 cm saha awratipun 45 kg.[2]Ayu Ting Ting menika ugi naté Bintang Aari Ayu nalika taun 2006, Putri Depok 2006, Mojang Depok, Presenter Kuis (ANTV), Album Dangdut (Geol Ajep2). [1] Ayu Ting Ting menika gadhah album dhangdhut kanthi irah-irahan Dangdut (Rekening Cinta), Goyang Sejati (ANTV), Dangdut Yoo (TPI), Kamera Ria (TVRI), Dangdut Pro (TVRI) Foto Ayu Ting Ting Alamat Palsu. [1]
Lagu Alamat Palsu sayektinipun menika sampun dipundamel nalika taun 2007. [1] Ananging lagu menika nembé misuwur nalika taun 2011. [1]Lagu menika sangsaya ndamel Ayu Ting Ting langkung misuwur. [1] Lagu Ayu Ting Ting Alamat Palsu nggadhahi lirik ingkang simpel saha gampang dipunmudhengi. [1] Lagu menika ugi dipuniringi musik khas dhangdhut.[1]
Cathetan suku[sunting]
Artikel punika taksih tulisan rintisan (stub). Sinten kémawon ingkang kersa mbenakaken, sumangga kémawon.