Ayam Taliwang
Ayam obong khas Taliwang |
|
| Informasi | |
|---|---|
| Asal | Nusa Tenggara Kulon |
| Dhaérah | Lombok |
| Penyajian lan bahan | |
| Bahan | Daging pitik |
Ayam Taliwang yaiku panganan khas Lombok, Nusa Tenggara Kulon kang bahan dhasare pitik.[1] Ciri khas saka panganan iki yaiku rasane kang pedhes.[2] Kang mbedakake ayam taliwang saka menu ayam liyane yaiku pitik kang dianggo yaiku pitik kampung enom (lancur) kang umure 3-5 sasi.[1] Carane masak bisa nganggo cara dibakar utawa digoreng. Padatan ayam taliwang disuguhake karo panganan liyane kayata plecing kangkung, tahu gorèng, sambel terong bakar, irisan timun, lan ès degan.[2]
Sajarah [sunting]
Ayam Taliwang iki asale saka kampung Karang Taliwang, Kelurahan Cakra Utara, Cakranegara, Mataram, Nusa Tenggara Kulon.[3] Cacahing warga ing kampung iki 3.309 wong utawa 729 kulawarga.[3] Resep Ayam Taliwang digawe dening swargi H. Moerad lan bojone Salmah.[3] Awit saka iku, kena diarani restoran wiwitan kang ngedol menu ayam Taliwang iki restoran Ayam Taliwang Haji Moerad.[4] Taun 1965, H. Moerad ngrintis usaha ayam taliwang. Wiwit taun iku panganan khas iki dikenal dening bebrayan agung.[4] Panganan ayam taliwang saiki wis sumebar ing kutha-kutha liya. Ing kutha Mataram, warung-warung kang dodol menu iki jinejeran ing saben pojok kutha wiwit saka Sweta, Cakranegara, nganti tekan kutha tuwa Ampenan.[2]
Cathetan suku [sunting]
- ^ a b (id)Ayam Taliwang Pesona Kuliner Pulau Lombok(16 Agustus 2011)
- ^ a b c (id)Masakan Khas Ayam Taliwang Lombok (16 Agustus 20110
- ^ a b c (id)Ayam Taliwang Khas Lombok(16 Agustus 2011)
- ^ a b {[id}}Ini Dia Restoran Ayam Taliwang Pertama di Indonesia(16 Agustus 2011)