Astana Potala
|
|
Artikel punika pinuju ngalami éwah-éwahan ageng ngantos 28 Februari 2013 Kanggé nyegah konflik panyuntingan, nyuwun tulung supados boten nyunting artikel punika nalika pesen punika taksih wonten. Kaca punika pungkasan dipunsunting déning Legobot (Kontrib • Log) 72 dinten 32 menit kapungkur. |
|
Artikel pelatihan Papat Limpad 2012 punika perlu dipunrapèkaken supados miturut dhumateng standhar Wikipédia |
Astana Potala menika satunggaling astana ingkang mapan wonten ing kutha Lhasa, Tibet. mliginipun wonten ing Bukit Merah. Astana Potala menika dalemipun Dalai Lama lan dados papan kegiatan agama ugi politik. Astana menika kabangun nalika abad kaping 7, lajeng dipunbangun malih ing abad kaping 17 déning Dalai Lama kaping 5 [1].
Bangunan Astana Potala menika tingkat 13 kanthi dhuwur dumugi 110 meter. Astana kanthi wiyar 400 x 350 meter menika kagungan langkung saking 10.0000 papan kanggé memuja, 1.000 kamar, lan 200.000 patung [1]. Wonten ing nginggiling bangunan wonten penangkal petir ingkang kadamel saking emas. Ugi wonten pagoda ingkang kalapisan emas kanthi bobot 3.724 kilogram kanthi tahta intan, mutiara, zamrud, watu akik, , lan watu giok. Astana menika asring sanget kenging petir lan gempa bumi ananging dumugi sakmenika tasih jumeneng kanthi katon megah.