Astadasaparwa

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Mahabharata
Artikel iki minangka bagéyan saka sèri
Susastra Hindhu
aum symbol
Veda
Rgveda · Yajurveda
Samaveda · Atharvaveda
Pamérangan Veda
Samhita · Brahmana
Aranyaka  · Upanisad
Upanishad
Aitareya  · Bṛhadāraṇyaka
Īṣa  · Taittirīya · Chāndogya
Kena  · Muṇḍaka
Māṇḍūkya  ·Praśna
Śvetaśvatara
Wedangga
Śikshā · Chanda
Vyakarana · Nirukta
Jyotisha · Kalpa
Itihasa
Mahabharata · Ramayana
Susastra liyané
Smrti · Purana
Bhagavad Gita · Sutra
Pancaratra · Tantra
Kumara Vyasa Bharata · Stotra
Hanuman Chalisa · Ramacharitamanas
Shikshapatri · Vachanamrut
Deleng uga
Mitologi
Kosmologi
Déwa-Dèwi
Portal Hindhu

Astadasaparwa (Sanskerta: अष्टदशपर्व) inggih punika nama kanggé 18 kitab Mahabharata, ingkang kasungsun saking:[1]

Bagean-pérangan Astadasaparwa[besut | besut sumber]

Adiparwa[besut | besut sumber]

Kitab Adiparwa minangka kitab kapisan saking seri Astadasaparwa ingkang nyariosaken manéka cariyos ingkang ngandhut ajaran Hindhu. Cariyos kepahlawanan dipunbumboni kaliyan ngèlmu sakti kaliyan mitologi. Wonten ing pérangan ngajeng ingkang dipuncariyosaken inggih punika babagan Maharaja Janamejaya ingkang ngawontenaken upacara pangorbanan ula.[2] Nanging upacara punika gagal. Kanggé panglipur Sang Raja, Bagawan Wesampayana nyariosaken babagan leluhur Sang Raja, lajeng pindah maring cariyos pemuteran Mandaragiri, cariyos Sang Garuda kaliyan para Naga, cariyos Bagawan Dhomya, cariyos para Raja ageng: Yayati, Bharata, Santanu. Kajawi punika kitab Adiparwa ugi nyariosaken babagan lairipun Rsi Byasa (penyusun kitab Mahabharata), cariyos nalika alitipun para Pandawa saha Korawa, cariyos para Pandawa menangaken Drupadi lajeng dados garwanipun Pandawa, Arjuna ingkang ngasingaken dhiri maring alas lajeng krama kaliyan Chitrāngadā, Ulupi, sarta Subadra, sarta cariyos lairipun Abimanyu, putra Arjuna kaliyan Subadra.[1]

Sabhaparwa[besut | besut sumber]

Kitab Sabhaparwa minangka kitab ingkang angka kalih saking sèri Astadasaparwa. Kitab Sabhaparwa nyariosaken babagan para Korawa ingkang pados akal kanggé musnahaken para Pandawa. Adhedhasar akal licik Sangkuni, Duryodana ngajak para Pandawa main dadu. Taruhanipun inggih punika harta, pura, karajan, prajurit, dumugi dhiri pribadinipun piyambak. Wonten ing permainan ingkang sampun dipunakali déning para Korawa mau, para Pandawa kalah. Wonten ing cariyos mau ugi kacariyosaken bilih Dropadi badhé dipunicali busananipun déning Dursasana amargi nampik masrahaken agemanipun. Saking pitulunganipun Sri Kresna, Dropadi saged kaslametaken.[2] Pandawa ingkang sampun kalah wajib masrahaken sadaya hartanipun, ananing berkat pangampunan saking Dretarastra, para Pandawa saged bébas malih. Nanging amargi siasatipun Duryodana ingkang licik lan culika, perjudian dipunadani malih. Sapunika taruhanipun sinten ingkang kalah kedah medal saking karajanipun saha ngasingaken dhiri antawis wekdal 12 taun. Nalika taun ingkang angka 13, ingkang kalah kedah nyamar antawis satunggal taun. Nalika taun ingkang angka 14, ingkang kalah sampun gadhah hak malih dhumateng karajanipun. Wonten ing tetandhingan mau, para Pandawa kalah saéngga kapeksa ninggalaken karajanipun.[3]

Cathetan suku[besut | besut sumber]