Ashraf Sinclair
| Ashraf Sinclair | |
|---|---|
![]() |
|
| Lair | Ashraf Daniel Mohammed Sinclair 18 September 1979 (umur 32) |
| Pasaréyan | Jakarta |
| Jeneng liya | Ashraf Sinclair |
| Pagawéyan | aktor, bintang iklan |
| Taun aktif | 2007 - saiki |
| Garwa | Bunga Citra Lestari |
| Anak | Noah Sinclair Nugraha Rodiana.TribunNews, 23 September 2010. Diakses tanggal 23 September 2010.</ref> |
Ashraf Daniel Mohammed Sinclair (lair ing Croydon, Inggris, 18 September 1979; umur 32 taun) yakuwi aktor saka Malaysia, kakang kandung saka model saka malaysia Aishah Sinclair.[1] Jenené kondhang ning Malaysia sawisé dadi paraga Eddy ning film kang dirilis ning taun 2006 judulé GOL & GINCU kang dilanjutaké karo serial televisiné kang diputer setaun sawisé kuwi.[1]
Priya kang katurunan Inggris-Malaysia iki wiwit kondhang ning Indonésia awit foto-fotoné bebarengan karo aktris lan penyanyi Bunga Citra Lestari nyebar ning donya maya ning tengah taun 2007, lan wis duwe anak siji.[2]
Sawisé dikabaraké bakal nikah, Ashraf lan Bunga wusanané wara-wara menawa dheweké bakal nikah ning tanggal 8 November taun 2008.[1]
Ashraf nglamar Bunga ning dina Setu, tanggal 8 November 2008 ning Masjid Al Bina, Senayan, Jakarta, karo mas kawin sasetèl anting berlian 1,5 karat.[1]
Resepsi pernikahan dilaksanakaké ning dina Ngaat tanggal 9 November 2008 ning Golden Ballroom Hotel Sultan, Jakarta nganggo adat Padang lan Bunga nganggo Suntiang, mahkota khas Minang.[1]
Ora mung ing Indonésia, Ashraf uga nggelar resepsi nikahan kan suwéné rong dina kanthi konsèp lan papan kang béda.[1]
Ing dina pisanan Jumat, 14 November 2008 ning The Saujana Kuala Lumpur Hotel, Subang.[1] Anannging kaping loroné dilaksanakaké ing dina Sabtu, 15 November 2008 ning Klub Golf Petaling Jaya.[1]
Sawisé nikah, Ashraf meluni garwané, Bunga kanggo nyambut gawe ning Indonésia.[1] Kaping pisanan, dheweké dadi paraga jroning film horor, kang judulé THE REAL POCONG kang dirilis taun 2009.[1]
Sadurungé, bebarengan karo Bunga, dheweké mainaké peran ning film kang padha.[1] Film kang romantis judulé SAUS KACANG nalika taun 2008.[1] Ora namung akting ning layar lebar, dheweké uga tampil ning sinetron, sawijining sinetron kang tau diperagakaké dening dheweké yakuwi sinetron stripping kang judulé SEKAR.[1]
Bab lan Paragraf |
[sunting] Sinematografi
[sunting] Film
- Saus Kacang (2008)
- "The Real Pocong" (2009)
[sunting] Iklan
- Tora Bika Susu Full Cream (bebarengan karo Bunga Citra Lestari)
[sunting] Sinetron (Indonésia)
- Sekar (2008)
- Cinta dan Anugerah (2009)
- Sejuta Cinta Marshanda (2010)
- Kasih dan Cinta (2011)
- Anugerah (2011)
