Asetilena
| Asetilena | |
|---|---|
| Jeneng umum | Asetilena |
| Jeneng sistematis | Etuna |
| Rumus kimia | C2H2 |
| Massa molar | 26.0373 g/mol |
| Angka CAS | 74-86-2 |
| Massa jenis | 1.09670 kg/m3 (gas) |
| Suhu autosulutan | 305 °C |
| Ambang jeblugan | 2.5–82% |
| Suhu maksimum pangobongan |
3300 °C |
| Titik lebur | -84 °C |
| Titik didih | -80.8 °C |
| SMILES | C#C |
| NFPA 704 | Cithakan:NFPA 704 |
| PubChem | 6326 |
| EINECS | 200-816-9 |
| Sangkalan umum lan réferènsi | |
Asetilena (Jeneng sistematis: etuna) iku sawijining hidrokarbon sing kagolong ing alkuna, mawa rumus C2H2. Asetilena arupa alkuna sing paling prasaja, amarga mung kapérang saka rong atom karbon lan rong atom hidrogen. Ing asetilena, kaloro karbon kaiket liwat ikatan rangkap telu, lan saben atom karbon duwé hibridisasi orbital sp kanggo ikatan sigma. Iki nyebabaké patang atom ing asetilena manggon ing sawijining garis lurus, kanthi sudhut C-C-H 180°.
Asetilena ditemokaké déning Edmund Davy taun 1836, sing nyebut karburet anyar saka hidrogen. Jeneng asetilena diwènèhaké déning kimiawan Prancis Marcellin Berthelot, taun 1860. Nalika taun 1812, sawijining jeblugan asetilena nyebabaké fisikawan Gustaf Dalén wuta, sing banjur ing taun sing padha antuk bebungah Nobel ing bidang fisika.[1]
Bab lan Paragraf |
Panggawéan [sunting]
Bahan utama panggawéan asetilena yaiku kalsium karbonat lan batubara. Kalsium karbonat diowahi luwih dhisik dadi kalsium oksida lan batubara diowahi dadi areng, lan kaloroné direaksikaké dadi kalsium karbida lan karbon monoksida,
- CaO + 3C → CaC2 + CO
Kalsium karbida (utawa kalsium asetilida) banjur direaksikaké karo banyu kanthi manéka metode, ngasilaké asetilena lan kalsium hidroksida. Reaksi iki ditemokaké déning Friedrich Wohler taun 1862.
- CaC2 + 2H2O → Ca(OH)2 + C2H2
Sintesis kalsium karbida merlokaké suhu sing dhuwur banget, ~2000 derajat Celsius, saéngga reaksi mau dilakokaké ing njero sawijining tungku kembang api listrik. Reaksi iki arupa bagéyan wigati saka revolusi ing bidang kimia nalika akir 1800-an, kanthi anané proyèk tenaga hidroelektrik ing Grojogan Niagara.
Asetilena uga bisa diasilaké kanthi reaksi pangobongan parsial metana mawa oksigen utawa kanthi reaksi cracking saka hidrokarbon sing luwih gedhé.
Berthelot bisa gawé asetilena saka metanol, etanol, etilena, utawa eter, kanthi cara ngliwataké gas utawa uap saka salah siji dat mau liwat tabung abang panas. Berthelot uga nemokaké asetilena bisa digawé kanthi cara mènèhi kejutan listrik marang gas-gas sianogen lan hidrogen. Panjenengané uga bisa gawé asetilena kanthi ngreaksikaké hidrogen murni lan karbon sacara langsung kanthi migunakaké tegangan listrik.
Reaksi [sunting]
Reaksi pirolisis asetilena diwiwiti ing suhu 400 °C(673 K) (cukup asor kanggo hidrokarbon). Asil utamané yaiku dimer vinilasetilena (C4H4) lan benzena. Ing suhu sandhuwuré 900 °C(1173 K), asil utama reaksi yaiku angus (karbon ireng).
Berthelot nuduhaké yèn senyawa alifatik bisa diowahi dadi senyawa aromatik, kanthi manasaké asetilena jroning tabung reaksi sing ngasilaké benzena lan sithik toluena. Berthelot uga ngoksidasi asetilena sing ngasilaké asam asetat lan asam oksalat. Panjenengané uga nemokaké reduksi asetilena karo hidrogen sing ngasilaké etilena lan etana.
Polimerasi asetilena mawa katalis Ziegler-Natta ngasilaké lapisan poliasetilena. Poliasetilena, ranté molekul karbon mawa ikatan tunggal lan gandha selang-seling, arupa semikonduktor organik sing pisanan ditemokaké; reaksi karo iodin ngasilaké bahan sing konduktif banget.
Reaksi-reaksi Reppe [sunting]
Walter Reppe nemokaké yèn asetilena bisa reaksi ing tekanan dhuwur mawa katalis logam abot ngasilaké senyawa-senyawa sing wigati jroning indhustri.
- Reaksi asetilena karo alkohol, hidrogen sianida, hidrogen klorida utawa asam karboksilat ngasilaké senyawa-senyawa vinil.
Contoné asetilena lan formaldehida ngasilaké 1,4-butunadiol selaras karo reaksi ing ngisor iki, sing dipigunakaké jroning indhustri
- HCCH + CH2O → CH2(OH)CCCH2OH
- Karo karbon monoksida ngasilaké asam akrilat, utawa ester akrilat, sing bisa dipigunakaké kanggo mrodhuksi kaca akrilat.
- Siklisisasi ngasilaké benzena lan siklooktatetraena:
Réferènsi [sunting]
- ^ "Gustaf Dalén". Nobelprize.org. http://nobelprize.org/nobel_prizes/physics/laureates/1912/dalen-bio.html. Retrieved 10 September.