Asam lemak
|
|
Artikel punika pinuju ngalami éwah-éwahan ageng ngantos 28 Pebruari 2013 Kanggé nyegah konflik panyuntingan, nyuwun tulung supados boten nyunting artikel punika nalika pesen punika taksih wonten. Kaca punika pungkasan dipunsunting déning Legobot (Kontrib • Log) 72 dinten 643 menit kapungkur. |
|
Artikel pelatihan Papat Limpad 2012 punika perlu dipunrapèkaken supados miturut dhumateng standhar Wikipédia |
Asam Lemak (Basa Inggris: fatty acid, fatty acyls) kalebet asam lemah ingkang ing salebeting toya bakal kaoksidasi sapérangan.[1] Padatan asam lemak fasenipun cair utawi padhet ing suhu ruang (27 °C).[1] Sansaya dawa rantai karbon ingkang nyusun, sansaya gampil mbeku kaliyan ugi sansaya awrat anggènipun ajer.[1] Asam lemak saged réaksi kaliyan senyawa sanès mbentuk senyawa lipida.[1] Senyawa lipida kasebat asring dipuntemokaken ing selabeting badan organisme ingkang nggadhahi gina khusus ing panyusunan sèl organisme.[1] Sawatawis jinis senyawa lipida kasebat antawisipun prostaglandin, wax, trigliserida, gliserofosfolipida, sfingolipida, kaliyan glikofosfolipida.[1]
Bab lan Paragraf |
Sifat Fisis Asam Lemak [sunting]
- Gumantung dawanipun atom C kaliyan boten jenuhipun asam lemak ingkang nyusun.[2]
- Titik lebur asam lemak C genep = dawanipun C.[2]
- Titik lebur = gunggungipun ikatan rangkep.[2]
- TAG (3 asam lemakipun 12 C) = padhet ing suhu badan.[2]
- TAG (3 asam lemak C18:2) = cair ing suhu sangandhapipun 0o C.[2]
- Kasil gliserol alam padatanipun ngandhut asam lemak campuran miturut ginanipun.[2]
- Lipip mémbran kedah dados cairan, boten jenuh tinimbang lipid simpenan.[2]
- Lipid ing satunggaling pawongan ing suhu atis (kutub) inggih menika asam lemak boten jenuh.[2]
Jinis Asam Lemak [sunting]
Asam lemak ugi kalebet ing asam alkanoat utawi asam karboksilat ingkang suhunipun inggil (nggadhahi rantai karbon langkung saking 6).[1] Asam lemak saged dipunpérang dados kalih, inggih menika asam lemak jenuh kaliyan asam lemak boten jenuh.[1] Asam lemah jenuh namung nggadhahi ikatan tunggal ing antawisipun atom-atom karbon panyusunipun.[1] Déné asam lemak boten jenuh nggadhahi paling sekedhik setunggal ikatan rangkep ig antawisipun atom-atom panyusunipun.[1] kalih jinis ikatan ing asam lemak menika ingkang njalari bèntenipun sifat fisik antawisipun asam lemak setunggal kaliyan sanèsipun.[1]