Asam absisat
Cithakan:Chembox Abbreviations
| Asam absisat | |
|---|---|
|
Asam [S-(Z,E)]-5-(1-Hidroksi-2,6,6 -trimetil-4-okso-2-sikloheksen-1-il)-3-metil-2,4-pentanadienoat[1]
|
|
| Identifikasi | |
| Nomor CAS | [21293-29-8] |
| PubChem | |
| SMILES | O=C1\C=C(/[C@](O)(\C=C\C(=C/C(=O)O)C)C(C)(C)C1)C |
| InChI | 1/C15H20O4/c1-10(7-13(17)18)5-6-15(19)11(2)8-12(16)9-14(15,3)4/h5-8,19H,9H2,1-4H3,(H,17,18)/b6-5+,10-7-/t15-/m1/s1 |
| Sifat | |
| Rumus molekul | C15H20O4 |
| Titik leleh |
160 °C, 433 K, 320 °F |
| Titik umob |
120 °C (menyublim) |
| Kelarutan | bisa nyampur ing aseton, EtOH lan CHCl3 |
| Kejaba ditélakaké suwaliké, data ing ndhuwur kanggo ing suhu lan tekanan standar (25°C, 100 kPa) |
|
Asam absisat yaiku molekul seskuiterpenoid (duweni 15 atom karbon) kang minangka salah sawijining hormon tanduran.[2] Saliyane dihasilake sacara alami dening tanduran, hormon iki uga diasilake dening alga hijau lan cendawan.[2] Hormon iki ditemukake ing taun 1963 dening Frederick Addicott. Addicott kasil anggone ngisolasi senyawa abscisin I dan II saka tanduran kapuk.[2] Senyawa abscisin II besukke diarani asam absisat, disingkat ABA[2]. Ing wektu kang pada, rong klompok peneliti liyane kang padha-padha dipimpin dening Philip Wareing lan Van Steveninck uga nindakake panaliten tumrap hormon mau.[2]
Fungsi [sunting]
Asam absisat duweni peran penting ing wiwitan (inisiasi) dormansi wiji.[3] Ing kaanan dorman utawa leren ora ana pertumbuhan lan aktivitas fisiologis mandeg sawetawis.[3]Proses dormansi wiji iki penting gasupaya wiji ora dadi taoge sadurunge wektu kang dikarepake. [3]Hal iki utamane banget mbutuhake ing witwitan taunan lan tumbuhan dwimusim kang wijine mbutuhake cadangan panganan ing wayah rendheng utawa ing wayah ketiga. [3]Tanduran gasilake ABA kanggo maturasi wiji lan njaga wiji supaya dadi taoge ing wayah kang dipengeni.[3]