Artikel

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, pados


Broom icon.svg

Artikel pelatihan Papat Limpad 2012 punika perlu dipunrapèkaken supados miturut dhumateng standhar Wikipédia
(28 Pebruari 2013)
Ngrapèkaken artikel saged arupi mérang artikel ing paragraf utawi, Wikifikasi Artikel, maringi kategori, gambar, pranala interwiki, tandha diakritik lan ndandosi basa ingkang taksih campuran (krama/ngoko lan basa ngamanca).
Saksampunipun dipunrapèkaken, nyuwun supados panitya utawi pangurus busek pesen punika.(Peserta pelatihan boten kénging mbusek pesen punika).

Gambar Tuladha sawijining artikel.

Artikel yaiku karangan nyata sing jangkep kanthi dawa tartamtu sing digawé kanggo disebaraké lumantar koran, majalah, buletin, lsp.[1] Panulisan artikel ndarbèni ancas kanggo ngandharaké gagasan lan fakta sing bisa ngyakinaké, nggulawentah, lan nyenengake sing maca.[1] Déné ing Kamus Besar Bahasa Indonesia (KBBI), artikel yaiku karya tulis jangkep, tuladhané lapuran pawarta utawa esai ing majalah, kalawarti. lsp.[2] Artikel kuwi karangan non-fiksi kang njlèntrèhaké sawijiné pokok perkara kanggo dimot ing kalawarti, majalah, buletin, lan médhia liyané.[2]

Bab lan Paragraf

Jinis [sunting]

  1. Artikel eksploratif, artikel kang nuduhaké fakta miturut kajian panulisané.[2]
  2. Artikel eksplanatif, artikel kang isiné katrangan babagan sawijiné perkara kanggo dimangertèni sing maca.[2]
  3. Artikel dhèskriptif, artikel kang nggambaraké babagan sawijiné pokok perkara kang kadadéyan ing masyarakat. Saéngga wong kang maca kaya weruh, ngrungokaké, lan ngrasakaké babagan kang ditulis.[2]
  4. Artikel prèdhiktif, artikel kang isiné pètungan utawa ramalan babagan apa kang bakal kadadèn miturut pètungan panulis.[2]
  5. Artikel preskriptif, artikel jinis iki mènèhi tuntunan marang pamaos supaya ora klèntu utawa kliru.[2]
  6. Artikel naratif, kang kanthi prasaja uga diarani crita. Ing artikel narasi ana prastawa utawa kadadéyan ing sawijininh=g wektu. Ing kadadéyan iku ana uga tokoh kang lagi ngadhepi masalah.
  7. Artikel eksposisi, artikel kang isiné panjlèntrèhan babagan sawijining topik kanthi ancas mènèhi tambahan èlmu kanggo wong kang maca.
  8. Artikel argumentasi, artikel kang nduwe ancas kanggo mbuktekake kabeneran sawijining panyaruwe utawa dhudhutan utawa alesan utawa bukti. Ing artikel argumentasi iki, pengarang ngarepake mbenerake panyaruwene saka wong kang maca.
  9. Artikel argumentasi, artikel kang ancase kanggo mrabawani wong kang maca kanggo nindakake sawijining pakaryan.

Isi [sunting]

Isi Artikel bisa menéka werna, sawetara tuladhan kang asring diwaca yaiku:

  1. Sujarah
  2. Petualangan
  3. Argumentasi
  4. Kasil panalitiyan
  5. Bimbingan kanggo nindakaké sawijining pakaryané/ ngajari carané

Panulis Artikel [sunting]

Penulis Artikel yaiku pawongan kang nindakaké pakaryan ngarang sawijining tulisan, nggabungaké sawetara tembung dadi ukara kang wigati lan kepénak diwaca, saéngga nggawé wong kang maca ngrasakaké lan mangertèni apa kang sadurungé durung dimangertèni.

Panulis Artikel manéka werna kriteriané, yaiku :

Situs Kepenulisan Artikel Indonesia

Jasa Penulisan Artikel

Jasa SEO Indonesia


Cathetan Suku [sunting]

  1. ^ a b (id)Pengertian Artikel(diundhuh 4 Januari 2013)
  2. ^ a b c d e f g (id)Artikel dan contohnya(diundhuh 4 Januari 2013)
Sumber artikel punika saking kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Artikel&oldid=836267"