Arjuna Sasrabahu

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, pados
Arjuna Sasrabahu
Gambar perang antarané Parasurama lawan Kartawirya Arjuna sakjroning crita India.
Gambar perang antarané Parasurama lawan Kartawirya Arjuna sakjroning crita India.
Déwanagari: कार्तवीर्य अर्जुन
Éjaan Sanskerta: Kārtavīrya Arjuna
Jeneng liya: Sahasrarjuna;
Arjuna Sahasrabahu
Asal: Kerajaan Heheya

Arjuna Sasrabahu iku salah siji paraga ing cerita wayang kang dadi raja Maespati. Arjuna Sasrabahu uga nduweni jeneng liya, yaiku Arjunawijaya nalika isih enom. Ing cerita pawayangan Arjuna Sasrabahu iku titisan saka Bathara Wisnu. Dheweke iku putra Prabu Kartawirya utawa kang diarani Sasrawirya. Garwane kang pisannan jenenge Dewi Citralangeni saka Tunjungpura, kang nomer loro jenenge Srinadi, putrine Begawan Jumanten saka Pertapaan Giriretna. Saliyane, dheweke uga nduweni bojo kang caacahe atusan. Ana uga kang dadi selire iku Dewi Citrawati saka nagara Magada. Citrawati iku titisane Dewi Sri. Ana cerita kang nyebutake yen garwane Arjuna Sasrabahu cacahe 1000 kurang siji.[1]

Arjuna Sasrabahu nduweni patih kang arane Patih Suwanda utawa Bambang Sumantri. Jeneng Arjuna Sasrabahu nalika isih enom yaiku Arjunawijaya. Jeneng liyane yaiku Wingsatibahu, kang tegese nduweni sewu bahu. Jeneng iku aran saka wong kang ngurmati kekuwatane Arjuna Sasrabahu.

Jeneng Arjuna Sasrabahu iku gelar nalika dheweke dadi raja ing Maespati. Dheweke entuk jeneng iku saka anggone nglakoni triwikrama, wujude malih dadi brahala seu, awake gedhe, sirahe ana satus, tangane ana sewu lan kabeh nyekel senjata. Arjuna nglakoni triwikrama nalika perang tandhing lawan Bambang Sumantri. Bambang Sumantri iku duta kanggo sayembara sapa kang isa ngalahake Bambang Sumantri isa nikah karo Putri nagara Magada, aarane Dewi Citrawati. Bambang Sumantri iku patih kang sekti mandra guna. Dheweke wis ngalahake ewonan raja kang nduweni niyat arep dhaup karo Dewi Citrawati. Bambang Sumantri uga nduweni tekad bakal ngabdi marang raja kang isa ngalahake kasektene.

Arjuna Wijaya iku satriya titsan Bathara Wisnu. Dheweke iku raja kang disembah dening para raja. Dheweke nduweni kasekten kang tanpa tandhing. Sanajan sekti mandraguna dheweke kagolong raja kang ora seneng perang, lan ndiseke musyawarah kanggo ngrampungi perkara. Mula saka iku akeh raja kang ngurmati dheweke. Arjuna uga raja kang nduweni rupa bagus, rupane mirip karo Bathara Kamajaya.

Nalika dheweke oleh wangsit saka Bathara Narada, yen Dewi Citrawati, putri saka negara Magada kang nalika iku dadi putri kang gawe rebutan para raja saka sewu nagara iku titisan Bathari Sri Widowati, dheweke bingung. Apa kudu ngalahake para raja-raja kanggo isa ngentukake Dewi Citrawati lan nyelametake negara Magada. Dheweke kang sekti mandra guna isa ngalahake kabeh raja, nanging iku ora dilakokake.

Saka akehe raja kang kepingin ngepek bojo Dewi Citrawati, Prabu Darmawisesa saka nagara Widarba, iku salah siji raja kang paling diwedeni. Prabu Darmawisesa lan 75 raja saka negara liya lan para prajurite wis siyap arep nyerang Magada kanggo ngentukake Dewi Citrawati.

Nalika Prabu arjuna bingung, Bambang Sumantri madhep kanggo ngabdi ing negara Maespati. Banjur Prabu Arjuna nampa Bambang Sumantri anggone ngabdi ing Maespati. Ing kono Bambang Sumantri didaekake duta kanggo nglamar lan mboyong Dewi Citrawati.

Syarat iku ditampa dening Bambang Sumantri. Bambang Sumantri kasil isa ngalahake Prabu Darmawisesa lan para sekutune. Banjur Dewi Citrawati diboyong menyang Maespati.

Nanging sadurunge mlebu kutha Maespati, Bambang Sumantri ngajokake syarat marang Prabu Arjuna Wijaya supaya mapak Dewi Citrawati ing wates kutha minangka satriya, lan ngalahake Bambang Sumantri.

Perang gedhe antarane Arjuna lan Bambang Sumantri ing antarane gunung Salva lan Malawa, ing sajabane kutha Maespati. Para brahmana lan pujangga nggambarake yen perang antarane Prabu Arjuna Wijaya lan Bambang Sumantri iku perang kang paling agung ing alam semesta. Perang iki luwih sangar tinimbang perang antarane Kumbakarna lan Prabu Sugriwa kang direwangi dening Anoman lan kethek kang cacahe nganti yutanan, utawa perang antanare Prabu Rama Wijaya mungsuh Prabu Rahwana ing Alengka.Perang iku uga luwih sangar tinimbang perange Arjuna mungsuh Adipati Karna utawa perange Resi Bisma mungsuh Resi Seta, utawa perange Bima mungsuh Duryudana ing Perang Baratayuda.

Perang tandhing antarane Prabu Arjuna Wijaya mungsuh Bambang Sumantri uga katon agung lan endah. Wong loro iku nganggo klambi perang kang gagah. Wong loro iku padha nyekel gandewa perang jangkepkaro busur kang sekti. Wujude padha kabeh, mung beda werna slempang. Slempang gandewa prabu arjuna wernane abang, lan slempang gandewa Bambang Sumantri wernane kuning gadhing. Wong loro iku padha numpak kereta kang digeret jaran cacahe papat. Prabu Arjuna Wijaya numpak keretane Bathara Wisnu kang sengaja disengaja ditekake saka Kahyangan Untarasegara, kang digeret jaran ireng lan putih. Dene Bambang Sumantri numpak keretane Prabu Citragada, kang digeret jaran papat wulune werna abang lan putih ing sikile. Biyen kereta iki duweke Bathara Indra diwenehake Prabu Citradarma, raja nagara Magada.

Kereta kang digunakake dening wong loro iku padha sektine, padha apik lan endahe. Bedane mung ana ing panji utawa gendera perange. Gendera perange Prabu Arjuna Wijaya wernane kuning rada emas lan ana lambange manuk garuda, lan genderane Bambang Sumantri wernane putih lan ana gambare ula naga kanthi mbukak cangkeme. Wong loro iku banjur adhep-adhepan, kayadene Bathara Asmara lan Bathara Candra.

Perange Prabu Arjuna Wijaya musuh Bambang Sumantri akeh kang ndeleng. Perange wong loro iku ana ing panggon kang amba, ing antarane gunung Salva lan Malawa. Dideleng dening Dewi Citrawati, wong wadon titisane Bathari Sri Widowati lan 800 putri dhomas, ewonan dhayang, luwih saka sewu raja lan permaisurine, jangkep karo patih lan hulubalang krajaan, lan warga Maespati, luwih saka sayuta prajurit saka sewu negaralan dideleng dening para dewa lan kang dipimpin Bathara Narada lan Bathf ara Indra kang sengaja mudhun saka Kahyangan Jonggring Saloka lan Kahyangan Ekacakra.

Pungkasane perang iku gawe wong kabeh ngerti yen Arjuna Sasrabahu iku jelmaane Bathara Wisnu. Dheweke banjur dikenal minangka raja kang sekti mandraguna. Para raja kang sadurunge padha wani lan dadi musuhe Arjuna Sasrabahu, wiwit iku gelem manut lan ngabdi marang Prabu Arjuna Sasrabahu.

Nalika Prabu Arjuna Sasrabahu dadi raja lan patihe Suwanda, Maespati dadi negara kang adikuwasa lan isa nguwasani 2/3 jagad. Sanajan kaya mengkono Prabu Arjuna Sasrabahu tetep mrentah supaya adil. Arjuna Sasrabahu iku raja kang seneng tentrem, lan nduweni unen-unen Sugih tanpa banda, nglurug tanpa bala, menang tanpa angasorake.

Cathetan suku[sunting | sunting sumber]

  1. ^ Arjuna Sasrabahu (diakses tanggal 29 Maret 2011)
Sumber artikel punika saking kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Arjuna_Sasrabahu&oldid=829871"