Ariel Sharon
| Ariel Sharon אריאל שרון |
|
|
Perdana Menteri Israel ke-11
|
|
| Masa jabatan 7 Maret 2001 – 14 April 2006 (Ora aktip wiwit tanggal 4 Januari 2006) |
|
| Présidhèn | Moshe Katsav |
|---|---|
| Deputi | Ehud Olmert |
| Didhisiki déning | Ehud Barak |
| Diganti déning | Ehud Olmert |
|
|
|
| Miyos | 26 Februari 1928 (umur 84) Kfar Malal, British Mandate of Palestine |
| Partai pulitik | Kadima (sadurungé Likud lan Shlomtzion) |
| Garwa | Margalith (séda 1962); Lily Sharon (séda 2000) |
| Agami | Yahudi |
Ariel Sharon
Ariel Sharon (Basa Ibrani: אֲרִיאֵל שָׁרוֹן, uga dikenal karo jeneng Arik) (lair 27 Februari 1928; umur 84 taun) yaiku sawijining pulitikus lan jenderal Israel.[1] Dhèwèké mengku jabatan dadi Perdhana Mentri Israel wiwit 7 Maret 2001 nganti tekan 14 April 2006.[1] Kakuwasané dadi perdhana mentri banjur diganti déning Perdhana Mentri (sauntara) Ehud Olmert marga dhèwèké kena stroke nalika sasi Januari 2006.[2] Ariel ngalami koma kanthi wektu kang suwi, kang ndadèkaké ora bisa ngayaji tugas dadi pemimpin pamaréntahan.[2] Ariel lair ing Kfar Malal (Mandat British Palestina) lan tampil dadi pemimpin pulitik uga militer kebangsaan Israel.[1] Sharon uga tau njabat dadi pemimpin Likud, parté paling gedhé ana ing koalisi pamarentah parlemen Israel, Knesset, nganti tekan mundur saka parté kuwi tanggal 21 November 2005.[1] Dheweke banjur ngedegake parte anyar kang jenengé Kadima.[1] Sasuwéné telung puluh taun Sharon dines dadi anggota Angkatan Bersenjata Israel.[1] Pangkaté kang paling dhuwur yaiku Mayor Jenderal.[1] Sharon dadi misuwur ana ing Israel merga dhèwèké mèlu jroning Perang Enem Dina nalika taun 1967 lan Perang Yom Kippur nalika taun 1973.[1] Ariel Sharon uga duwé tanggung jawab ana ing tragedi pembantaian Qibya nalika tanggal 13 Oktober 1953.[2] Ana ing jaman kuwi 96 wong Palestina mati déning Unit 101 kang dipimpin déning Sharon lan pembantaian Sabra lan Shatila ing Libanon nalika taun 1982 kang nyebabake antarane 3.000 - 3.500 jiwa mati, amarga perkara iki banjur dhèwèké dijuluki dadi 'Tukang Jagal saka Beirut'.[2]
[sunting] Cathetan Suku
Artikel punika taksih tulisan rintisan (stub). Sinten kémawon ingkang kersa mbenakaken, sumangga kémawon.