Arche de la Défense
| Grande Arche de la Défense | |
|---|---|
| Grande Arche de La Défense et fontaine.jpg Grande Arche at night |
|
| Informasi umum | |
| Jinis | Offices |
| Lokasi | La Défense, Île-de-France, France |
| Koordinat | 48°53′34″N 2°14′09″E / 48.89278°N 2.23583°EKoordinat: 48°53′34″N 2°14′09″E / 48.89278°N 2.23583°E |
| Diwiwiti | 1985 |
| Rampung | 1989 |
| Desain dan pembangunan | |
| Arsitèk | Johann Otto von Spreckelsen |
Grande Arche de la Fraternité yaiku sawijining monumèn kang manggon ana ing distrik bisnis La Défense ing sisih kulon Paris.[1] Monumèn iki uga dikenal kanthi jeneng Arche de la Défense utawa La Grande Arche.[1] Kompetisi kang dianakake dening presiden Perancis, François Mitterand.[1] Arsitèk Denmark, Johann Otto von Spreckelsen (1929-1987) ngrancang èntri kanggo didadèkaké Arc de Triomphe versi abad kaping-20: yaiku sawijining monumèn kanggo kamanungsan saka kajayan militèr, Konstruksi monumèn iki diwiwiti nalika taun 1982.[1] Sawisé Spreckelsen tilar donya yaiku taun 1987, kancané , arsitek Prancis Paul Andreu, kang ngrampungke pagawéyan mau ing taun 1989/90.[1] Arche amèh mbentuk kubus sampurna (amba: 108m, dhuwur 110m, kandel: 112m; wis ditetapaké yèn struktur iki dideleng kaya hiperkubus patang dhimènsi (tesseract) kang diproyèksèkaké kanggo donya telung dhimènsi).[2] Struktur iki duwe bingkae beton kang tipis lan dilapisi kaca lan marmer Carrara saka Italia lan dibangun déning perusahaan pembangunan sipil Prancis, Bouygues.[2] Arche kang wis meh rampung kuwi banjur diresmikake nalika sasi Juli 1989, kanthi pawai militèr gedhèn kang nandhani rong abad Revolusi Prancis.[2] Bangunan iki mepaki jalur monumèn kang mbentuk Axe historique ana ing sadawané kutha Paris.[2] Arche iki diputer ing sudut 6.33°.[2]