Apple Inc.
| Industri | Computer hardware Computer software Consumer electronics Digital distribution |
|---|---|
| Pendahulu | Apple Computer, Inc. |
| Didirikan | Cupertino, California, AS (April 1, 1976) |
| Pendiri | Steve Jobs Steve Wozniak Ronald Wayne |
| Kantor pusat | London |
| Jumlah lokasi | 300 (August 2010)[1] |
| Daerah layanan | Worldwide |
| Tokoh penting | Steve Jobs (Pendiri, Chairman) Tim Cook (CEO) Peter Oppenheimer (CFO) Bob Mansfield Jonathan Ive (Industrial Design)[2] |
| Produk | Mac (Pro, Mini · iMac · MacBook, Air, Pro · Xserve), iPod (Shuffle, Nano, Classic, Touch), iPhone (Original · 3G · 3GS · 4), iPad, Apple TV, accessories, Mac OS X (Server), iLife, iWork, iOS |
| Jasa | Stores (retail, online, App, iTunes, iBooks) MobileMe |
| Pendapatan | |
| Laba | |
| Jumlah aset | |
| Jumlah ekuitas | |
| Karyawan | 49,400 (2010) |
| Anak perusahaan | Braeburn Capital, FileMaker Inc. |
| Situs web | Apple.com |
Apple, Inc. (sadurungé duwé jeneng Apple Computer, Inc.) yaiku sawijining parusahan kang papané ana ing dhaérah Silicon Valley, Cupertino, California.[4] Parusahan iki ana ing babagan tèknologi komputer.[4] Apple mèlu mbantu miwiti révolusi komputer pribadi nalika taun 1970-an kanthi prodhuké Apple II lan ana ing taun 1980-an nganti tekan saiki saka prodhuk Macintosh.[4] Apple misuwur saka perangkat kasar (hardware) gawéyané, kaya iMac, Macbook, perangkat pamuter lagu iPod, lan tilpun genggam iPhone.[4] Sapérangan perangkat lunak gawéyané uga bisa saingan ana ing babagan kréatif kaya panyunting video Final Cut Pro, panyunting swara Logic Pro lan pamuter lagu iTunes kang duwé fungsi uga dadi toko lagu online.[4]
Sadurungé mbantu ngedegaké Apple, Steve Wozniak iku salah siji hacker èlèktronik. Taun 1975, dhèwèké nyambut gawé ing Hewlett-Packard lan mèlu mbantu kancané Steve Jobs kanggo ndesain video game kanggo Atari.[4] Nalika kuwi, Wozniak wis tuku computer time kang jenise minicomputer kang di-host dening Call Computer, sawijining perusahaan timesharing.[4] Terminal komputer nalika kuwi mayoritas berbasis kertas; thermal printer kaya Texas Instruments Silent 700 yaiku terminal kang paling maju.[4] Wozniak ngerti saka sawijining artikel ana ing majalah Popular Electronics edisi 1975 kang isine kepiye cara kanggo gawe terminal komputer dhewe.[4] Migunakaké alat-alat kang bisa dituku ana ing toko-toko, Wozniak banjur ngrancang lan gawé komputer kang dijenengi Computer Conversor, sawijining video teletype kang bisa digunakaké kanggo ngaksès minicomputer ing Call Computers.[4] Disaine banjur dituku dening Call Computers lan ana saperangan kang kadol.[4] Nalika taun 1975 Wozniak miwiti mèlu ana ing kumpulan ing klub kang jenengé Homebrew Computer Club.[4] Microcomputer anyar kaya Altair 8800 lan IMSAI dadi inspirasiné kanggo masang sawijining mikroprosèsor ana ing vidéo teletype-ne kanggo ndadekake sawijining komputer kang jangkep.[4]
Delengen Uga [sunting]
Cathetan Suku [sunting]
- ^ {{cite news url = http://www.guardian.co.uk/business/2010/aug/08/apple-opens-covent-garden-shop
- ^ "Top Management Compensation". http://www.neumann-compensation.com/managers/company/apple-inc/. Retrieved 6 Aug. 2010.
- ^ 2010 Apple Form 10-K
- ^ a b c d e f g h i j k l m (en) Situs resmi