Apoplas
Apoplas yaiku sawijining kontinum tan urip kang kabentuk lumantar jalur ekstraseluler kang disediakake dening matriks kontinu dinding sel lan duweni fungsi kanggo ngangkut banyu saka yot tekan xilem.[1] Definisi liyane nyebutake yen apoplas yaiku sawijining sistem kang nyangkut antarane dinding sel kang padha gegayutan karo unsur xilem kang isine banyu.[2] Proses ngrembesing banyu lan zat hara ing oyot tanduran bisa lumantar dalan loro, yaiku ing jaba pembuluh lan ing jero pembuluh.[2] Pangangkutan ing jaba pembuluh kaperang dadi apoplas lan simplas.[3] Apoplas kasusun saka kabeh dinding sel ing korteks oyot(kecuali dinding endodermis lan eksodermis kanthi pita Kasparianne amarga jaringan lara mau ora permeabel tumrap banyu), kabeh trakeid lan pembuluh ing xilem, kabeh dinding sel godhong, floem, lan sel liyane.[1] Kecuali ing pita Kaspari, ngrambate cairan saka ngisor tekan bageyan dhuwur tanduran bisa kabeh kecuali apoplas, utamane ing xilem.[2]
[sunting] Cathetan suku
- ↑ a b Campbell NA, Reece JB, Mitchell LG. 2002. Biologi, Edisi Kelima, Jilid I. Jakarta: Erlangga. Hal:G2. ISBN 979-688-468-2
- ↑ a b c Salisbury FB, Ross CW. 1995.Fisiologi Tumbuhan. Indonesia: Penerbit ITB Bandung. Hal 22. ISBN 979-8591-20-8.
- ↑ Furqonita D. 2007. Biologi. Indonesia: Penerbit Yudistira. Hal 177. ISBN 978-979-746-789-0.