Anumerta

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, pados

Anumerta (posthumous) iku tindakan utawa kagiatan sing kagandhèng karo sawenèh wong sing wis tilar donya.

Jroning kontèks sing paling umum, anumerta biasané digandhèngaké karo pawèwèh penghargaan marang wong, awit saka jasa-jasa sing wis diayahi, biasané déning pamaréntah utawa organisasi, nalika wong kasebut wis tilar donya.

Jroning donya kamilitèran, pawèwèh gelar undhak-undhakan pangkat sak tingkat dianugerahaké lan bisa uga marang wong sipil. Gelar anumerta sing paling misuwur ing Indonésia ya iku gelar sing dianugerahaké marang sanga Pahlawan Révolusi sing gugur ing Jakarta lan Yogyakarta nalika prastawa pambrontakan G30S/PKI.

Sawetara penghargaan ora bisa dianugerahaké sacara anumerta, umpamané Bebungah Nobel.

Sumber artikel punika saking kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Anumerta&oldid=837256"