Antivirus komputer
|
|
Artikel punika pinuju ngalami éwah-éwahan ageng ngantos 28 Pebruari 2013 Kanggé nyegah konflik panyuntingan, nyuwun tulung supados boten nyunting artikel punika nalika pesen punika taksih wonten. Kaca punika pungkasan dipunsunting déning Legobot (Kontrib • Log) 72 dinten 165 menit kapungkur. |
|
Artikel pelatihan Papat Limpad 2012 punika perlu dipunrapèkaken supados miturut dhumateng standhar Wikipédia |
Antivirus komputer yaiku salah sijiné aplikasi kang njaga keamanan komputer saka infeksi virus.[1] Ana uga kang ngartekaké salah sijiné perangkat lunak utawa software kang fungsiné kanggo ndetèksi virus kang ana ing komputer banjur dihapus virusé kang ana ing sisitem komputer.[2] Perangkat lunak antivirus uga kasebut Virus protection software.[2] Kanti perangkat lunak iki kita bisa ngertèni yèn sisitem komputer kena salah sijiné virus utawa ora.[2] Ing umumé, perangkat lunak iki mlaku ing background komputer lan nglakokaké pemindaian marang berkas kang diakses.[2]
Bab lan Paragraf |
Tanda-tanda Komputer Kena utawa Kainfèksi Virus [sunting]
- Komputer kerjané ora normal kayata suwi anggoné prosès (lèlèt)
- Kerep mentu pesen èror utawa anèh-anèh
- Perubahan tampilan ing komputer
- Komputer kerep ngrèstart déwé utawa crash nalika lagi dienggo
- Komputer hang utawa mandek ngréspon préntah
- Hardisk ora isa diakses
- Printer lan perangkat liya ora isa dienggo senajan ora ana masalah hardware lan software driver
- Kerep ana menu utawa kotak dialog kang érror utawa rusak
- Ilangé pira-pira fungsi dasar komputer
- Komputer kerep nyoba ngubungaké karo internèt utawa jaringan tanpa dingertèni
- File kang disimpen ing komputer utawa media penyimpenan ilang utawa diumpetaké virus.[3]
Cara Kerjané [sunting]
Kerjané antivirus biasané gunakaké tèknik kaya mengkéné:
- Teknik pertama. Ndetèksi kanti migunakaké basis data virus utawa istilah liya yaiku virus signature database.[2] Panggoanan salah sijiné virus ing komputer kanti migunakaké salah sijiné saka kode virus kang wis dianalisis déning pencipta antivirus, lan wis dikatalogisasi jumbuh karo jenisé, ukurané, kemampuan ngapus virus lan uga kategori liyané.[2] Kanti cara iki perangkat lunak antivirus isa cepet lan diandalaké kanggo ndetèksi virus-virus kang wis dianalisa déning penggawé antivirus.[2]
- Teknik kapindo. Pandektèsian kanti cara ndelok bagéan virus iku kerja: Cara kerja antivirus kaya iki arupa pendekatan kang anyar kang disilèh sak teknologi kang diterapaké ing Intrusion Detection System.[2] Cara iki kerep dijenengi uga minangka Behavior – blocking detection.[2] Cara iki gunakaké kebijakan kang kudu diterapaké kanggo ndetèksi panggonané salah sijiné virus.[2] Yén ana tanda-tanda ing perangkat lunak kang ora wajar miturut kebijakan kang diterapaké, contoné yaiku salah sijiné perangkat lunak kang nyoba nglakokaké pengaksesan address book utawa buku alamat kanggo ngirim email sacara masal marang alamat email kang ana ing sajroning address book kasebut (bab iki kerep digunakaké virus kanggo nularaké marang komputer liya migunakaké jaringan internet kanti fasilitas e-mail).[2] Kanti ngertèni cara kerja virus kasebut mangka antivirus bakal ngendeg proses kang dilakokaké déning perangkat lunak kasebut. Perangkat luanak antivirus uga isa mengisolasi kode-kode kang dicurigai minangka virus, nganti administrator nentokaké apa kang bakal dilakokaké.[2] keuntungan migunakaké cara iki yaiku antivirus isa ndetèksi panggonan virus-virus anyar kang durung dikenali déning basis data virus signature.[2]
Antivirus kang migunakaké teknik behavior-blocking detection iki cacahé isih sitik, ananging ing jaman kang bakal tumeka, kemungkinan kabèh antivirus bakal migunakaké cara iki.[4] Pira-pira antivirus uga migunakaké 2 metode kasebut kanti bebarengan.[4]
Pira-pira Antivirus Kang Ana ing Pasaran Produk Situs Wèb [sunting]
- eSafe http://www.aks.com
- Avast http://www.asw.cz
- Anyware AntiVirus http://www.helpvirus.com
- Ansav http://www.ansav.com/
- AVG Anti-Virus http://www.grisoft.com
- Quick Heal http://www.quickheal.com
- Vexira Antivirus http://www.centralcommand.com
- Command AntiVirus http://www.authentium.com/command/index
- eTrust http://www.ca.com/virusinfo/
- waVe Antivirus http://www.cyber.com
- SpIDer Guard http://www.dials.ru
- NOD32 http://www.nod32.com
- F-Prot Antivirus http://www.f-prot.com
- F-Secure Anti-virus http://www.fsecure.com
- RAV AntiVirus http://www.rav.ro
- AntiVir dan AntiVir Personal Edition http://www.antivir.de
- ViRobot, DataMedic, Live-Call http://www.hauri.co.kr
- WinProof dan ExcelProof http://www.hiwire.com.sg
- Die Klinik http://www.ikarus-software.at
- Kaspersky Anti-Virus (AVP) http://www.kaspersky.com
- VirusBUSTER II http://www.leprechaun.com.au
- email scanning services http://www.messagelabs.com/viruseye/
- eScan http://www.microworldtechnologies.com
- MKS Vir http://www.mks.com.pl
- McAfee Anti-Virus dan McAfee Virus Scan http://www.mcafee.com
- InVircible AV http://www.invircible.com
- Norman Virus Control http://www.norman.no
- Panda AntiVirus dan NanoScan http://www.pandasoftware.com
- Per AntiVirus http://www.persystems.com/antivir.htm
- Protector Plus http://www.pspl.com
- VirusNet PC and VirusNet LAN http://www.safe.net
- BitDefender http://www.bitdefender.com
- Sophos Anti-Virus http://www.sophos.com
- Antigen for Microsoft Exchange http://www.sybari.com
- Norton Antivirus dan Symantec Antivirus Corporate Edition http://www.symantec.com
- Trend Virus Control System dan PC-Cilin http://www.trendmicro.com
- VirusBuster http://www.vbuster.hu
- ClamAV http://www.clamav.org
- PCMAV -
- Windows Live OneCare dan Microsoft ForeFont http://onecare.live.com
- ZoneAlarm AntiVirus http://www.zonealarm.com/
- BullGuard Antivirus http://www.bullguard.com/.[5]