Anse Boileau
Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Anse Boileau kuwi sawijining distrik kang sepi dumunung ing bagéan kidul Pulo Mahé, ing Seychelles. Anse Boileau minangka kajaiban alam ing Seychelles: dumunung ing sisi tebing, gunung kang ijo royo-royo, manggon ing pesisir Samudra Hindia, lan ing tengahé ana jeram, alas cilik, kali / teluk cilik, tlaga cilik, lan pemandhangan kang éndah. Tlatah iki kerep disebut minangka panggonan mancing sebab akèh pedunung lokal kang mancing iwak minangka sumber panguripané; Dhaérah iki uga ndarbèni sekolah, restoran, toko, pusat kaséhatan lan kantor pulisi. Dunungé ora adoh saka Anse La Mouche, yakuwi panggonan turis kang misuwur. Anse Boileau dijenengké mangkono merga nduwèni akèh teluk cilik.
Pranala jaba [sunting]
- Anse Boileau review of the beach