Anne Hathaway
| Anne Hathaway | |
|---|---|
| Lair | Anne Jacqueline Hathaway 12 November 1982 (umur 30) |
| Pagawéyan | aktris, model |
| Taun aktif | 1999 - saiki |
Anne Jacqueline Hathaway (lair 12 November 1982; umur 30 taun), aktris Amerika Serikat, Dheweké dikenal dadi aktris Amerika Serikat kang populer lewat peranné dadi Mia Thermopolis ning film produksi Disney, THE PRINCESS DIARIES (2001).[1] Debut akting Hathaway lewat serial televisi GET REAL (1999), ananging peran pentingé ning film THE PRINCESS DIARIES (2001) nguataké pangalamé.[1] Kesuksesané ning film kuwi ngundang dheweké tampil terus ning film Disney.[1] Kayata ELLA ENCHANTED (2004) lan THE PRINCESS DIARIES 2 (2004).[1]
Hathaway uga ndukung film HAVOC (2005) lan BROKEBACK MOUNTAIN (2005) kang anduweni tema dewasa.[1] Ning THE DEVIL WEARS PRADA dheweké dolanan peran karo aktris Meryl Streep.[1] Hathaway kang tau tampil ning film drama BECOMING JANE, nalika taun 2008 dheweké mulai main film maneh, ning film kang temané, GET SMART.[1]
Nalika wulan Oktober taun 2008, dheweké tampil ning film PASSENGERS sarta RACHEL GETTING MARRIED.[1] Ning film iki dheweké olih penghargaan dadi Best Actress ning ajang National Board of Review Award lan Broadcast Film Critics Association Award.[1] Sarta olih nominasi ning ajang Academy Awards lan Golden Globe Award dadi Best Actress.[1]
Awal taun 2009, Hathaway ngrilis film komedi romantis, BRIDE WARS bebarengan karo Kate Hudson.[1] Ora namung ning film, Hathaway uga aktif ning kegiatan sosial.[1] Dheweké ddai anggota saka The Creative Coalition, The Step Up Women's Network, Lembaga non Profit kanggo Rumah sakit anak, Kampanye Hak Asasi Manusia, lan Teater non Profit kanggo anak-anak cacat.[1]
Partisipasi aktifé mau ana ning bidang sosial amarga dheweké anduweni pangalaman pait nalika enomé, persis karo peranné ning film Rachel Getting Married. Kisah asmara Hathaway ora disorot media.[1] Ning taun 2008 Hathaway dikabaraké pacaran kato aktor Adam Shulman sawisé dheweké putus karo Rafello Follierri, lan seorang developer kang kondhang.[1]
Anne hathaway, ngidolakaké Julia Roberts.[2] Amarga gayané kang ora gampang ditiru wongliya.[2]