Anna Maria
| Anna Maria | |
|---|---|
| Lair | 11 Maret 1964 (umur 48) |
| Pegawéyan | Model |
| Pasangan | Roy Marten |
| Anak | Merari dan Mahesa Gibran |
Anna Maria Sofyana luwih dikenal kanthi jeneng Anna Maria (lair ing Cianjur, 11 Maret 1964; umur 48 taun). Anna Maria yaiku modhel lan bojoné aktor Roy Marten.[1]
[sunting] Karir
Anna Maria miwiti kariré dadi modhel ing wiwitan taun 1980-an.[1] Anna Maria mandheg dadi modhél lan luwih ngrumati kaluwargané sawisé nikah karo Roy Marten.[1] Anna Maria nikah karo Roy Marten nalika taun 1985.[1]
Jeneng Anna Maria wiwit misuwur nalika taun 2006.[1] Nalika iku, bojone Annaa Maria kena kasus penyalahgunaan narkotika.[1] Ing taun kang padha Anna Maria banjur mbalik dadi modhél.[1] Anna Maria iku anak nomer pitu saka sedulur kang cacahé wolu.[1] Wiwitan Anna Maria kepilih dadi bintang iklan prodhuk Tolak Angin kang anyar sawisé Sophia Latjuba, Rhenald Kasali, Wynne Prakusya, Setiawan Djodi, Dewa Band, Subronto Laras, Nia Ramadhani, Nana lan Naysila Mirdad, Ikang Fawzi lan Marissa Haque, Gunawan, Cici Tegal, lan Lula Kamal.[2]
[sunting] Kauripan pribadi
Anna Maria dhaup karo Roy Marten nalika tanggal 1 April 1985.[1] Anna Maria kenal Roy Marten ing salah sawijining acara peragaan busana ing taun 1984.[1] Sanajan nalika iku Roy nduwéni status dhudha kang nduwé anak cacahé papat.[1] Anna Maria lan Roy Marten umure béda 12 taun luwih tuwa tinimbang Roy Marten.[1] Ananging kekaroné tetep bisa nyawiji [3] Saka dhaupe karo Roy Marten, Anna nduwé anak loro yaiku Merari lan Mahesa Gibran, saliyané iku, Anna Maria uga nduwé anak kang cacahé papat saka dhaupe Roy sadurungé yaiku kang jenengé Monique,Aline, Galih, serta pemain sinetron Gading Marten.[1]
[sunting] Chatetan suku
Artikel punika taksih tulisan rintisan (stub). Sinten kémawon ingkang kersa mbenakaken, sumangga kémawon.