Anita Mui
Anita Mui Yim-fong (Hanzi tradisional: 梅艷芳, Hanzi sederhana: 梅艳芳; 10 Oktober 1963-30 Desember 2003) iku penyanyi lan aktris saka Hong Kong, dheweké ninggal yuswa nalika taun 2003 amarga lelara kanker. Anita Mui miwiti kariré saka panggung opera lan dadi penyanyi ing club wengi.[1] Banjur dheweké oleh bebungah New Talent Singing Awards amarga tembang kang irah-irahé Season of Wind isa nyisihaké 300 saingané nalika acara lomba nyanyi.[1]
Dheweké kuwi wanita kang kerep ngrasake rekasa merga keluwargané. Album kang pisanan saka Anita Mui irah-irahe Debts of the Heart (1982).[1] [2] Mui ninggal donya taun 2003 amarga lelara kanker, ning sak suwené urip dheweké kacatet wis tau ngrilis luwih saka 40 album. [2] Album kang pungkasan, Anita Mui Fantasy GIG 2002 diterbitake taun 2002, pirang sasi sakdurungé ninggal dunya. [2] Sadhurungé ninggal dunya, sasi September tuan 2003, Anita Mui sempet ngumumaké menawa dheweké nduweni lelara kanker kang wis akut.[2] [1] Mui ing uripé kekancanan akrab karo bintang film Leslie Cheung, Andy Lau lan para artis-artis Hong Kong liyané kang dianggap lambang generasi 80-an.[1]
Sawetara dadi aktris, ing donya film Mui wis tau mbintangi pirang-pirang film kang sukses bisa nembus pasar Asia lan dunya, kayata film House of Flying Daggers.[1] Film kang kondhang jejudulé The Heroic Trio (1993) kang dibintangi bebaregan karo Michelle Yeoh lan Maggie Cheung.[1] Dheweké uga tau tampil ing film bebarengan karo Jackie Chan ing film Rumble in the Bronx (1995).[1]
Saiki kanggo ngelingi aksi saka Anita Mui, para panggemaré iki ndeklarasikaké menawa tanggal 18 April kuwi dadi Anita Mui Day.[1]