Anggun C. Sasmi
| Anggun | |
|---|---|
Anggun ing Fete de l'Espoir, Jenewa, Swiss, Mei 2005 |
|
| Latar mburi | |
| Jeneng lair | Anggun Cipta Sasmi |
| Lair | 29 April 1974 (umur 38) |
| Jinis Musik | Pop, rock, urban, world |
| Perdamelan | Penyanyi, pangripta lagu, produser rekaman, filantropi |
| Instrumèn | Vokal, piano |
| Taun aktif | 1986–saiki |
| Parusahan rekaman | Warner, Sony |
| Situs resmi | www.anggun.com |
Anggun Cipta Sasmi (lair ing Jakarta, 29 April 1974; umur 38 taun).[1] Anggun iku salah sijiné penyanyi Indonésia kang saiki nduwèni kawarganegaran Prancis.[1] Anggun iku anak wadon saka Darto Singo, salah sijiné seniman Indonésia, lan Dien Herdina, salah sijiné wong wadon kang isih nduwèni katurunan Kraton Yogyakarta.[1]
Bab lan Paragraf |
[sunting] Karir
Anggun miwiti kariré kanthi tampil ing panggung Ancol nalika umuré isih pitung taun.[1] Anggun banjur nduwé album dhéwé rong taun sawisé iku.[1] Anggun nggawé albumé kang sepisanan diéwangi musisi Ian Antono.[1] Album kang digawé Anggun iki judhulé Dunia Aku Punya lan digawé nalika taun 1986.[1] Jeneng Anggun banjur misuwur nalika nggawé single Mimpi ing taun 1989.[1] Nalika umuré isih enom, Anggun wis bisa dadi penyanyi rock ing Indonésia lan éntuk bebungah dadi Artis Indonesia Terpopuler 1990-1991.[1]
Nalika taun 1994, Anggun lunga saka Indonésia kanggo mujudaké cita-citané dadi artis taraf internasional.[1] Kanthi diéwangi Erick Benzi, salah sijiné produser gedhé ing Prancis, nalika taun 1997, Anggun bisa nggawé album internasional kang sepisanan.[1] Album iki judhulé Snow on the Sahara ing 33 negara ing donya kalebu Amérika Sarékat kang dadi baromoeter musik internasional.[1] Wiwit iku, Anggun bisa nggawé album internasional kang cacahé lima lan direkam ing multi-basa, khususé basa Inggris lan basa Prancis.[1] Anggun uga wis kolaborasi karo akèh artis ing mancanegara, kayata Julio Iglesias, Peter Gabriel, lan Pras Michel saka grup The Fugees.[1] Nalika Juni 1997, Anggun nggawé album kang sepisanan nganggo basa Prancis kang judhulé Au nom de la lune.[2]
Ing taun 2010 Anggun main film kang judhulé Ces Amours La. Film iku saliyané Anggun, diperanaké uga déning aktris-aktris internasional kayata Samuel Labarthe, Dominique Pinon, Jacky Ido, Gilles Lemaire, Judith Magre, Anouk Aimee, Zinedene Soulame, lan liya-liyané.
[sunting] Diskografi
[sunting] Album mawa basa Indonésia
- Dunia Aku Punya (1986)
- Anak Putih Abu Abu (1991)
- Nocturno (1992)
- Anggun C Sasmi.... Lah!!! (1993)
- Yang Hilang (1994)
[sunting] Album mawa basa Prancis
[sunting] Album mawa basa Inggris
- Snow On The Sahara (1998)
- Anggun (1998)
- Chrysalis (2000)
- Oppen Hearts- original sountrack (2002)
- Luminescence (2005)
- Best of (2006)
- Elevation (2008)
- Echoes (2011)[3]
Aliran musik kang dipilih Anggun saliyané pop yaiku hip hop.[4]