Anggrèk merpati
| Anggrèk Merpati | |
|---|---|
| Klasifikasi èlmiah | |
| krajan: | Plantae |
| divisio: | Magnoliophyta |
| kelas: | Liliopsida |
| ordo: | Asparagales |
| kulawarga: | Orchidaceae |
| Genus: | Dendrobium |
| Species: | D. crumenatum |
| Jeneng binomial | |
| Dendrobium crumenatum |
|
Anggrèk merpati utawa Dendrobium crumenatum kalebu jinising anggrèk kang gampang ditandur.[1] Sakliyané iku, anggrèk merpati uga nduwé kembang kang gedhéné werna-werna.[1] Kang mbédakaké anggrék merpati karo anggrèk-anggrèk liyané yaiku wernané putih lan ambuné kang wangi.[1]
Nalika wayah ngembang, anggrèk merpati bakal mekrok bareng, ananging kembangé mung bisa mekrok sedina.[1] Nadyan ngono, anggrèk merpati bisa urip ing panggonan kang panas lan cepet nukulaké anakan. Oyot lan godhongé uga cepet banget thukul.[1] Dendrobium crumenatum kalebu Orchidaceae.[2]
Bab lan Paragraf |
[sunting] Habitat
Anggrèk merpati kalebu tanduran tropis.[2] Tanduran iki akèh urip ing Kalimantan, Malaysia, lan Singapura.[2] Anggrèk iki biyasané urip némplék in wit-witan ing alas tropis.[2] Negara Malaysia khususé ing tlatah Perak lan Pahang, anggrèk merpati dadi simbol kapitayan, malah-malah anggrèk iki dipasang ing lawang. Ancasé kanggo nangkal sétan kang arep mlebu ing njero omah.[2]
Anggrèk merpati uripé ana kang némplèk ing wit, ana uga kang urip ing dhuwur lemah kang subur.[3] Sanajan nemplék ing wit, anggrèk dudu tanduran parasit, nanging anggrèk merpati ora gawé rugi tanduran kang ditémplèki.[3] Kanggo urip, anggrèk mung cukup éntuk banyu lan zat-zat sing némplèk ing wit.[3] Zat-zat mau kagawa angin banjur pada némplèk ing wit-witan.[3]
[sunting] Kalebu Épifit
Anggrèk merpati bisa urip kanthi némplék ing wit utawa bisa urip ing lemah subur.[3] Yèn anggrék urip némplék ing wit liyané anggrèk merpati ora nyesep sari nutrisi saka wit kang ditémpléki, nanging anggrèk merpati nduwé zat hijau daun kang aran klorofil, saéngga anggrèk merpati bisa nggawé lan masak nutrisi dhéwé.[3] Kang kaya mengkené iki diarani tanduran epifit dudu tanduran parasit.[3] Yèn tanduran parasit kayata kemplandhéyan, sakliyané némplék uga nyesep nutrisi saka wit sing ditémplékki.[3]
[sunting] Obat Kanker Otak
Sakliyané kanggo tanduran hias kang ambuné wangi lan wernané kang nengsemaké, anggrèk merpati uga bisa kanggo tamba kanker otak.[4]
Carané:
- kembang, wit, lan oyot anggrèk merpati dikumbah nganti resik.[5]
- sakwisé dikumbah banjur dijur kanthi cara diuleg ing tumpang utawa lémpér.[5]
- campur wit alang-alang, kembang, lan oyot anggrèk merpati kang wis alus, ulèni nganggo 100 cc banyu putih kang wis mateng.[5]
- peres lan diombé sariné, sari anggrék merpati iki bêciké diombé sedina sepisan.[5]
[sunting] Nandur lan Ngrumati
Anggrèk kalebu tanduran kang mbutuhaké katlaténan lan kaprigelan anggoné nandur lan ngrumati.[6] Mengkono uga Dendrobium crumenatum (Anggrèk merpati), nanging anggrèk merpati kalebu kang luwih gampang anggoné ngrumati tinimbang anggrèk-anggrèk liyané, kayata anggrék tebu kang jeneng latiné Grammatophylum speciosum.
Anggrèk merpati kanthi gampang bisa dibedhol saka empolé.[6] Carané nandur yaiku pilihen gagang anggrèk kang ukurané gedhé cacahé loro, yèn cilik cacahé telu.[7] Gagang sing ngisor dhewe dibuntel nganggo sépet kang wis dhitelesi.[7] Sawisé kuwi banjur ditandur ing jero pot kang wis diisèni prongkalan areng. [7] Banjur disèlèhaké ing panggonan kang adem kurang luwih 2-3 minggu, nganti oyoté thukul rada kuwat.[7] Pindah bibit anggrèk merpati ing panggonan kang luwih panas.[7] Sawisé kuwi, banjur tetep dirumati kanthi dijaga kadar banyuné lan kadangkala dipépé.[7]Yèn wis akèh pang-pang cilik kang wis pada trubus, mesti anggrèk uga cepet ngembang.[7] Ora usah ngentèni suwé, kembang-kembang putih memplak iku bakal cepet mekar lan ngetokaké ganda kang arum.[7]Ganda arum saka [kembang]] anggrèk awarna putih iki bisa tetep ngganda nganti rong dina senajan kembangé wis rada alum.[2]
[sunting] Ben Ngembang
Anggrèk merpati biyasané bisa urip gemantung ing wit-witan.[8]Ganda arum saka anggrèk merpati iki bisa kanggo térapi kaséhatan.[8]Anggrek merpati bisa ngembang yen umuré wis tuwa, kira-kira wis duwé 5-6 bonggol utawa umbi, lan ing pucuk bonggol wis ana thukulan pang kanggo gagang kembang.[8]
Kembang putih lan wangi iki bisa ngembang yén suhu udarané malih kanthi ndadak kira-kira 3-8 drajat Cèlsius.[8] Yèn suhuné medhun kurang luwih 3-8 drajat Cèlsius, anggrèk merpati iki bakal terangsang ngembang, telung minggu sawisé kuwi, anggrèk merpati banjur nukulaké kuncup kembang kang siap mekar.[8] Anggrèk merpati bisa ngembang kanthi bareng ing sawijiné dhaérah amarga perubahan suhu kadadéan bareng ing sawijiné dhaérah.[8] Medhuné suhu udara amarga curah hujan kang uga medhun serempak ing sawijiné dhaérah.[8] Ananging yèn mung ngendelaké owahé cuaca kanggo ngrangsang anggrèk merpati bèn ngembang, mesthiné kudu ngenténi suwé kanggo nyawang kaéndahan lan ngganda arumé anggrèk merpati.[8]
Ana cara kanggo nggawe kembang iki ngembang.[8] Carané yèn lagi panas-panasé srengéngé ing wayah awan, bonggol anggrèk merpati kang wis nduwé pang-pang cilik kanggo gagang kembang banjur digembyor karo banyu ès.[8] Kanthi cara mengkono mau anggrèk merpati bakal ngembang 3 minggu sakwisé kuwi, lan bakal mekar, seminggu manéh.[8] Kanthi cara iki ngembangé anggrèk merpati bisa diatur, umpamané pas wayah riyaya Idul Fitri, ulang taun, lan liya-liyané, carané mung kari ngétung 4 minggu sadurungé dina kang diarep-arepaké supaya anggrèk merpatiné mekar.[8]
[sunting] Bisnis Anggrèk Merpati
Anggrèk akèh ditandur wong kanggo kasenengan utawa kanggo ngasilaké dhuwit.[3]Akèh-akèhé anggrèk ditandur mung kanggo hobi utawa kasenengan waé.[3]Ananging kang kaya ngono mau uga ora nggumunaké, amarga anggrèk pancén nduwé kaéndahan kang ngedab-édabi.[3] Anggrèk uga bisa nggawé ruangan katon èlit. Anggrèk nduwé kaéndahan kang manggon ing bentuk lan wernané kembang.[3]
Usaha kanggo ngrembakaké tanduran hias iki terus ngrembaka.[9]Regané anggrèk uga mundhak dina saya larang, amarga saya akéh wong kang seneng utawa hobi nandur lan ngolèksi anggrèk, sakliyané iku uga akèh wong kang seneng nandur anggrèk ing latar utawa témbok-témbok omahé.[9]Usaha utawa bisnis anggrèk ora tau sepi.[9] Sakliyané iku, bisnis anggrèk uga ora usuman, nanging terus ngrembaka ora ngenal wayah.[9]
Bisnis anggrèk iki ora kaya bisnis kembang utawa tanduran hias liyané, upamané gelombang cinta, èuphorbia, kang saya suwé saya murah regané.[9]Senajan ora ''booming'' nanging bisnis anggrék iki tetep terus urip sawayah-wayah.[9] Anggrèk kalebu uga anggrèk merpati nduwéni peluang gedhé kanggo bisnis lan bisnis iki ora bakal mati lan terus ngrembaka. [9]
Kang ndadekake anggrèk tetep langgeng yaiku.[9]
- Kolèktor utawa wong kang seneng nandur lan ngrumati anggrèk cacahé lumayan akéh lan bakal ngrembaka terus.[9]Kang sênêng anggrèk biyasané para wadon lan ibu-ibu.[9] Amarga para wadon akéh-akéhé pada seneng kembang.[9] Amarga anggrek merpati ngrumatiné gampang mula akéh para wadon kang seneng nandur anggrèk iki.[9]
- Regané anggrèk merpati kagolong murah tinimbang tanduran hias liyané.[9]Kang ngoléksi anggrèk merpati ora mung wong kang sugih ananging wong kang ekonominé menengah uga seneng lan bisa nandur lan ngoléksi anggrèk merpati iki.[9]
- Anggrèk merpati nduwéni variasi kang werna-werna.[9]Téknologi hibrida lan bibit kang nduwéni kualitas apik, bakal ngasilaké anggrèk-anggrèk kanthi kembang kang éndah lan nduwéni akéh ''variasi''.[9] Sakliyané kuwi anggrèk kang thukul uga ora gampang keserang ama lan penyakit tanduran.[9] Iki ndadékaké para koléktor anggrèk sang saya gampang milih anggrèk kang disenengi.[9]
- Anggrèk merpati bisa urip ing akéh nggon.[9]Anggrèk merpati bisa urip ing akéh nggon. Kayata ing dataran tinggi, ''dhataran rendah'', anggrèk merpati iki bisa urip.[9]
- Anggrèk nduwéni asosiasi lan organisasi. [9]Kanthi asosiasi lan organisasi kang kuwat, bisnis anggrék khususé anggrèk merpati bisa nyebar ing akeh kalangan warga. [9]Asosiasi lan organisasi iki tujuwané kanggo ngontrol rega anggrèk.[9] Sakliyané iku uga akeh kontés lan ''paméran'' anggrèk kanggo ngramékaké lan maméraké bisnis anggrèk merpati.[9]
[sunting] Nengkaraké
Anggrèk merpati bisa ditengkaraké utawa digawé anakan.[3]Akeh cara kanggo nengkaraké anggrék.[3]
[sunting] Belahan Rumpun
Carané bonggol utawa rumpun ing bonggolan wit anggrèk dikethok sagrombol-sagrombol. Saben sagrombol isiné ana 3-4 wit anggrèk kang ana oyoté.[3]
[sunting] Stèk Batang
Wit anggrèk dikethok nganggo gunting.[3] Wit kang dikethok kudu wit kang ana oyoté, amarga oyot iki mau kang ndadékaké urip.[3] Wit kang distèk ditandur ing lemah.[3] Sakliyané iku bisa ditandur ing rabuk kang dicampur bledhegan.[3]Sakliyané iku stèk anggrèk merpati iki bisa ditandur ing rabuk kang kacampur karo sampah godhong rambutan.[3] Supaya gagangé ngadég, bisa ditaléni ing pring kang ditancepaké ing lemah.[3]
[sunting] Umbi Semu utawa Bulbo
Wit anggrék merpati kang kuwat, dikeret ngganggo péso sawisé ana tunas kang thukul.[3] Wit iki aja terus dipindah, nanging sawisé metu oyoté lagi bisa dipindah.[3] Nganti thukul oyoté kurang luwih mbutuhaké wektu 2 minggu.[3] Banjur wit dipindah kanthi ati-ati supaya oyoté coklèk lan rusak.[3] wit ngoyot kang dipindah paling sithik nduwéni 3 umbi semu utawa bulbo.[3]
[sunting] Wiji Anggrèk merpati
Cara nengkaraké anggrèk nganggo wiji iki dadi cara kang paling angèl tinimbang cara-cara liyané, amarga wiji anggrèk ukurané cilik lan gampang mabur.[3] Sakliyané iku, wiji anggrèk ora nduwé lembaga biji.[3] Biyasané nengkaraké anggrèk nganggo wiji namung kanggé tujuwan kang ditemtokaké.[3] Umpamané kanggo nemokaké jinis anggrèk anyar.[3]
[sunting] Supaya Thukul
Woh anggrèk bisa ngasilaké éwon nganti yutonan wiji.[3] Wiji iki ukurané cilik lan ora nduwé lembaga biji, mulané dibutuhaké médium supaya bisa thukul.[3]Médium iki diarani médium agar-agar.[3]
[sunting] Nyiapaké panggonan kanggo ndhedher wiji
- Nyiapaké gendul-gendul kang ukurané pada, kurang luwih sakgendul susu.[3]
- Medium agar-agar disokaké ing gendul, akéhé seprapat gendul, banjur ditutup nganggo kertas lan ditalèni.
- Botol diséléhaké kanthi posisi miring.[3]
- Pembenihan wis bisa dilaksanakaké.[3] Wiji-wiji anggrèk merpati diséléhaké ing médium agar-agar nganggo pipèt utawa pinsèt.[3]
- Botol ditutup manéh nganggo kapas, banjur kertas lan pungkasané plastik.[3]
[sunting] Nandur Bibit
Sawisé 3 minggu wiji-wiji anggrék banjur malih dadi werna ijo, banjur ngoyot lan nukulaké tunas.[3] Sawis 6-9 sasi, bibit wit anggrèk wis nduwé oyot lan tunas kang wis kuwat yén dipindah ing pot.[3] Kanggo nandur ing pot dibutuhaké alat-alat.[3]
- kawat kang pucuké digawé mlengkung.[3]
- piring utawa cawan.[3]
- èmbér utawa baskom, cacahé loro utawa telu.[3]
- ''fungsiside'' utawa obat anti jamur.[3]
- kertas koran kanggo tatakan.[3]
[sunting] Mindah ing Pot
Carané kanggo mindahaké anggrèk merpati saka gendul ing pot.[3]
- Anggrèk ditokaké saka gendul nganggo kawat mlengkung.[3]Oyoté anggrèk merpati diganthol karo kawat nganti metu saka gendul.[3] Bibit banjur diséléhaké ing cawan utawa piring.[3] Bibit banjur dikumbah lan dibilasi manéh.[3]
- Bibit anggrèk merpati banjur dikumbah nganggo banyu kang dicampur fungiside, tujuwané bén jamur ora bisa thukul.[3]
- Bibit banjur diséléhaké ing kêrtas supaya rada garing yèn ditandur.[3]
- Anggrèk merpati banjur ditandur ing pot kang rada gedhé.[3] Sadurungé, pot diiséni areng, lan bata kanggo maténi jamur.[3]Bibit banjur diwénéhi pakis utawa sepet.[3] Kira-kira 50 bibit anggrèk bisa ditandur ing pot iki.[3]
- Anggrèk ing pot iki kudu kena panas srengéngé 20-30%.[3] Sakwisé seminggu bibit banjur digembyor nganggo banyu gula.[3] Banyu gula digawé kanthi perbandingan sesendok gula dicampur karo saliter banyu.[3] Carané nyiram nganggo semprotan lemuk banjur disemprot-semprotaké.[3] Saben 2 dina bibit disemprot lan diwénéhi fungiside seminggu utawa rong minggu sepisan.[3] Sakliyané iku, anggrèk merpati uga diwénéhi pupuk NPK kira-kira 1 nganti 3 cc ing selitér banyu kanthi cara disemprotaké uga.[3]
- Sakwisé 5 sasi bibit anggrèk wis bisa dipindah ing pot-pot cilik.[3]
Carané,
- Pot cilik diisi nganggo areng lan sepet utawa pakis.[3]
- Bibit dikumbah lan dibilas banjur dibilas manéh nganggo banyu kang wis dicampur fungiside, tujuwané supaya jamur ora bisa thukul.[3]
- Bibit diséléhaké ing kertas bén rada garing.[3]
- Bibit banjur dipindah siji-siji ning pot cilik.[3]
- Sakwisé kuwi bibit anggrèk disirami lan dipupuk. Kurang luwih siji setengah taun utawa rong taunan anggrèk wis bisa ngembang.[3]
[sunting] Kena ing Guna
Ing Singapura, tanduran hias werna putih kang uga awarna kuning ing sisih tengah digunakaké kanggo dékorasi.[10]Tuladhane dekorasi nganten, resépsi, nganthi adicara-adicara gedhé kayata upacara kenegaraan. [2] Sakliyané kanggo dékorasi tanduran iki uga kanggo obat kanker otak. [4]
[sunting] Galeri
[sunting] Pranala Njaba
- Nandur anggrék merpati - http://www.anggrek.org/mari-memulai-dengan-anggrek-merpati.html
- http://www.anggrek.org/
- http://www.sith.itb.ac.id/herbarium/index.php?c=gallery&view=groupitem&gid=8&page=3
[sunting] Cathetan suku
- ↑ a b c d e (id)anggrek.org (dipunaksés tanggal 27 Maret 2011).
- ↑ a b c d e f g (en)pbase.com(dipunaksés tanggal 27 Meret 2011).
- ↑ a b c d e f g h i j k l m n o p q r s t u v w x y z aa ab ac ad ae af ag ah ai aj ak al am an ao ap aq ar as at au av aw ax ay az ba bb bc bd be bf bg bh bi bj bk bl bm bn bo bp bq (id)[Sumartono.1982. Anggrek untuk Rakyat. Jakarta: PT. Bumirestu. 9-10, 15, 22]
- ↑ a b (id)anggrek.org(dipunaksés tanggal 27 Maret 2011)
- ↑ a b c d (id)sith.itb.ac.id(dipunaksés tanggal 27 Maret 2011)
- ↑ a b (id)anggrek.org(dipunaksés tanggal 27 Maret 2011)
- ↑ a b c d e f g h (id)situs trubus-online.co.id(dipunaksés tanggal 27 Maret 2011)
- ↑ a b c d e f g h i j k l (id)[Sumartono.1982. Anggrek untuk Rakyat. Jakarta: PT. Bumirestu. 35-41]
- ↑ a b c d e f g h i j k l m n o p q r s t u v w x (id)[Sumartono.1982. Anggrek untuk Rakyat. Jakarta: PT. Bumirestu. 28-31]
- ↑ (en)discoverplants.com(dipunaksés tanggal 27 Maret 2011)
|
|||||||