Anggrèk bulan
Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
| Anggrèk bulan | |
|---|---|
| Klasifikasi èlmiah | |
| krajan: | Plantae |
| (unranked): | Angiosperms |
| (unranked): | Monocots |
| ordo: | Asparagales |
| kulawarga: | Orchidaceae |
| Subkulawarga: | Epidendroideae |
| Genus: | Phalaenopsis |
| Species: | P. amabilis |
| Jeneng binomial | |
| Phalaenopsis amabilis (L.) Blume |
|
| Sinonim | |
Anggrèk bulan (Phalaenopsis amabilis) iku salah siji kembang nasional Indonesia. Ditemokaké déning ahli botani Walanda, Dr. C.L. Blume.
Tanduran anggrèk iki kasebar wiwit saka Malaysia, Indonesia, Filipina, Papua, nganti Australia. Cara uripé sacara epifit kanthi némpél ing wit utawa pang wit-witan ing alas-alas lan tuwuh subur nganti 600 meter saka salumahing segara.
Karakteristik tanduran [sunting]
Anggrèk bulan klebu jroning tanduran anggrèk monopodial sing butuh cahya sithik. Srengéngé minangka panunjang uripé. Godhongé werna ijo kanthi wangun dawa. Oyot-oyoté werna putih lan awangun bulet dawa sarta krasa ndaging. Kembangé duwé wangi sithik lan nalika megar suwé sarta bisa tuwuh nganti dhiameteré 10 cm luwih.
Wikimedia Commons gadhah galeri bab:
|
|||||||