Anggar

Saka Wikipédia, Ènsiklopédhi Bébas ing basa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika mawi basa Jawi

Langsung menyang: pandhu arah, golèk

Anggar kuwi seni budaya olahraga katangkasan mawa gaman sing mbutuhaké tèknik kamampuan kayadéné motong, nyuduk utawa nangkis gaman lawan kanthi migunakaké katrampilan tangan. Olahraga anggar dumadi saka telung jinis gaman, yaiku epee, foil lan sabre. Saben gaman mau duwé sipat lan aturan dhéwé-dhéwé.

Etimologi tembung "anggar" asalé saka Basa Prancis "en garde", pocapané ing Basa Indonesia dadi "ang-gar" sing tegesé "siap-siap". Tembung "en garde" dipigunakaké sadurungé permainan anggar diwiwiti, kanggo mènèhi aba-aba "siap" marang para pamain.


Olympic flag.svg

Sumber artikel iki saka kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/wiki/Anggar"