Angelo Secchi
| Angelo Secchi | |
|---|---|
| Miyos | 29 Juni 1818 Reggio Emilia |
| Tilar donya | 26 Februari 1878 (umur 59) |
| Dalem | Roma |
| Kabangsan | Italia |
| Bidhang | Astronomi |
| Lembaga | Observatorium Pawiyatan luhur Roma |
| Notable awards | Légion d'honneur, Prancis |
| Agama | Katulik Roma |
Pietro Angelo Secchi (lair ing Reggio Emilia, Italia, 29 Juni 1818 – tilar donya ing Roma, Italia, 26 Februari 1878 kanthi yuswa 59 taun) inggih punika satunggiling astronom Italia.
Pastor Secchi nelasaken taun-taun pungkasanipun ing Roma, panggènan panjenenganipun tilar donya nalika taun 1878.
Ing yuswa 16, panjenenganipun mlebet Ordo Yesuit, lan nalika yuswa 32, panjenenganipun dados dhiréktur Observatorium Vatikan. Lumantar pangamatan, panjenenganipun manggihaken kawontenan spikula srengéngé.
Panjenenganipun nggambar salah satunggil péta awal saking mars nalika taun 1858, ing pundi Syrtis Major panjenenganipun sebat minangka "Kanal Atlantik". Kanthi mekaten, panjenenganipun ngrumiyini Schiaparelli salebetipun pangginaan istilah kanal ing mars, senadyan kanal Pastor Secchi sanès arupi garis lurus ingkang panjang kados ingkang dipunlukisaken Schiaparelli lan Lowell.
Panjenenganipun punika perintis spektroskopi astronomi sesarengan kaliyan Joseph von Fraunhofer. Panjenenganipun punika tiyang sepisanan ingkang nglampahaken klasifikasi lintang adhedhasar spèktrumipun. Amargi pedamelanipun puniki, panjenenganipun asring dipunsebat minangka bapak pang-klasifikasian lintang.
Satunggiling kawah ing rembulan lan satunggil ing mars dipun paringi nami migunakaken asmanipun. Pastor Secchi ugi ngrembakakaken piranti oséanografi ingkang sapuniki dipuntepangi minangka piringan Secchi.
Pranala njawi [sunting]
- (en) Angelo Secchi, S.J.
- (en) Angelo Secchi - the Catholic Encyclopedia